bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Proverbs 9
Proverbs 9
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 10 →
1
Kawicaksanan wus yasa daleme, lan wus ngedegake sakane pitu,
2
wus mragat kewane sembelehan, wus nyampur anggure, lan wus nyawisake pasugatane.
3
Para abdine wadon wus padha didhawuhi nguwuh-uwuh ana ing papan kang dhuwur ing kutha, panguwuhe:
4
“Sapa kang ora duwe pangalaman, padha mrenea,” lan para wong kang cupet ing budi, didhawuhi mangkene:
5
“Mara padha mangana roti peparingSun, lan ngombea anggur kang wus Suncampur;
6
ninggala kabodhoan, supaya padha urip, lan nuruta dalane pangreten.”
7
Sing sapa mulang wong kang ambek memoyok, iku nekakake pamoyok marang awake dhewe, lan sing sapa melehake wong duraka, oleh panacad.
8
Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti, wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani.
9
Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak, wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe.
10
Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan, lan wanuh marang Kang Mahasuci iku pangreten.
11
Marga saka Ingsun umurira kawuwuhan, lan taun-tauning uripira katambahan.
12
Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe, sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.
13
Wong wadon bodho iku criwis, banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin.
14
Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe, ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha,
15
lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan, kang jujur lakune padha diundang, celathune:
16
“Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,” lan wong kang cupet budine iku dituturi:
17
“Banyu colongan iku legi, lan roti kang dipangan kalawan ndhelik-ndhelik iku enak.”
18
Mangka wong kang cupet ing budi mau ora sumurup yen ing kono dununge arwah-arwah lan wong-wong kang diampirake wong wadon mau ana ing jagade wong mati.
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31