bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 1
Leviticus 1
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 2 →
1
GUSTI nyeluk Moses lan ngetokké tembung marang dèkné sangka Tarup Kumpulan, préntahé:
2
“Kowé ngomonga marang bangsa Israèl lan kowé ngomonga: Yèn ana wong sak panunggalmu sing arep masrahaké kurban marang GUSTI, kurbanmu kuwi kudu kéwan, ya kuwi sapi utawa wedus.
3
Yèn kurbané kuwi kurban obongan rupa sapi, kudu lanang sing tanpa tyiri. Enggoné masrahaké kuwi ing ngarep lawang Tarup Kumpulan, supaya ndadèkké senengé atiné GUSTI.
4
Terus tangané ditumpangké ing endasé kurban obongan, nganti kurbané ketampa lan kanggo ngluwari dosané.
5
Sakwisé mengkono terus mbelèha sapiné ing ngarepé GUSTI; para anaké Harun, para imam ngladèkké getihé sapi mau lan disiramké ing sak ubengé mesbèh ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan.
6
Terus kurbané dikelèti lan ditengkel-tengkel manut pérangan-pérangan sing wis ditemtokké.
7
Para anaké imam Harun terus nggawéa geni ing mesbèh lan nataa kayu temumpang ing geni,
8
lan terus nataa tengkel-tengkelan kurbané kuwi, endasé lan gajihé ditumpangké ing kayu sing murup ing mesbèh.
9
Nanging jeroané lan pupuné kudu dikumbah, terus diobongi kabèh karo imam ing mesbèh kanggo kurban obongan, kanggo kurban bakaran sing ambuné nggawé senengé GUSTI.
10
Yèn kurbané kanggo kurban obongan rupa wedus, wedus gèmbèl apa wedus berok, sing dipasrahké kuwi kudu lanang sing tanpa tyiri.
11
Mbelèhé ing pinggirané mesbèh sebelah lor ing ngarepé GUSTI, para imam anaké Harun, terus nyiramké getihé ing sak ubengé mesbèh.
12
Sakwisé mengkono terus ditengkel-tengkel manut bagéan-bagéané kaya sing wis ditemtokké, tengkel-tengkelané, endasé lan gajihé ditata karo imam ing kayu sing murup ing mesbèh mau.
13
Jeroané lan pupuné kudu dikumbah, terus kabèh dipasrahké lan diobongi karo imam ing mesbèh: kuwi kurban obongan, kurban bakaran sing ambuné nggawé senengé atiné GUSTI.
14
Yèn kurban sing dipasrahké marang GUSTI kanggo kurban obongan kuwi rupa manuk, kurbané kuwi kudu manuk deruk utawa anak dara.
15
Manuké mau digawa menyang mesbèh karo imam, endasé manuk terus dipuntir lan diobongi ing mesbèh lan getihé dipijetké ing bangkèkané mesbèh.
16
Telihé lan wuluné kudu disisihké lan dibuwang sak étané mesbèh, ing panggonan awu.
17
Terus manuké disuwèk ing poké swiwiné, nanging ora nganti pisah; terus diobongi karo imam ing mesbèh, ing kayu sing murup; kuwi dadi kurban obongan, ya kurban bakaran, sing ambuné nggawé senengé GUSTI.”
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 2 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27