bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 2
Leviticus 2
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 3 →
1
“Yèn ana wong sing arep masrahaké kurban rupa kurban panganan marang GUSTI, kurbané kuwi kudu rupané glepung pilihan karo disirami lenga lan ditumpangi menyan,
2
kurban mau terus digawa menyang ngarepé para imam anaké Harun. Sakwisé kuwi terus njupuk glepungé sak gegem karo lengané lan menyané kabèh, terus diobongi karo imam ing mesbèh, kanggo pisungsung pengéling-éling, dadi kurban bakaran, sing ambuné nggawé senengé GUSTI,
3
turahané kurban panganan kuwi dadia pandumané Harun lan para anaké, dadi panduman Mahasutyi sangka kurban bakaran, pasrah marang GUSTI.
4
Yèn kurban sing arep kok pasrahké kuwi kurban panganan sing diolah ing panggangan roti, kuwi sing digawé kudu glepung pilihan, rupa roti bunder tanpa ragi sing diolah karo lenga, utawa roti tipis tanpa ragi, sing diosèr-osèri lenga.
5
Yèn kurbanmu rupa kurban panganan sing dipanggang ing panggangan, kuwi sing digawé kudu glepung sing apik déwé karo lenga, tanpa ragi,
6
terus diiris-iris lan kok esoki lenga; kuwi dadi kurban panganan.
7
Yèn kurbané rupa kurban panganan sing diolah ing wajan, kuwi kudu glepung pilihan karo lenga.
8
Kurban panganan sing tyara ngolahé kaya mengkono mau, kuwi kok pasrahké marang GUSTI, diladèkké marang imam, kuwi sing nggawa menyang mesbèh.
9
Kurban panganan kuwi terus dijukuk karo imam kanggo pisungsung pengéling-éling, diobong ing mesbèh, dadi kurban bakaran, sing ambuné nggawé senengé GUSTI.
10
Turahané kurban panganan kuwi dadia pandumané Harun lan para anaké, dadi panduman Mahasutyi sangka kurban bakaran pasrah marang GUSTI.
11
Sak rupané kurban panganan sing kok pasrahké marang GUSTI kuwi ngolahé aja nganggo ragi, awit sing karo ragi utawa madu kuwi ora kena kok obong dadi kurban bakaran marang GUSTI.
12
Kowé olèh masrahaké marang GUSTI sangka wiwitané unduh-unduhan kanggo kurban, mung waé aja diladèkké ing mesbèh kanggo ambuné sing nggawé senengé.
13
Sak rupané pisungsungmu kurban panganan kuwi kok bumboni uyah; kurbané panganan aja nganti lali uyahé perjanjiané Gusti Allahmu; saben kurbanmu kuwi kok wènèhi kurban uyah.
14
Yèn wiwitan pametuné bumi sing arep dipasrahké dadi kurban panganan marang GUSTI, kuwi kudu rupa wohé gandum, dipanggang ing geni, ya kuwi roti gandum anyar, kanggo kurban panganan sangka wiwitan panèn gandummu.
15
Kuwi kok wènèhi lenga lan kok tumpangi menyan, kuwi dadi kurban panganan.
16
Terus sing rupa roti gandum lan lengané lan menyané kuwi sak bagéan diobongi karo imam kanggo pisungsung pengéling-éling, dadi kurban bakaran marang GUSTI.”
← Chapter 1
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 3 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27