bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 3
Leviticus 3
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 4 →
1
“Yèn masrahaké kurban keslametan lan sing dipasrahké kuwi rupa sapi, senajan lanang utawa wédok, kuwi kudu sing tanpa tyiri sing dipasrahké ing ngarepé GUSTI.
2
Wong terus numpangké tangané ing endasé kurbané, sapi kuwi terus dibelèh ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan lan getihé disiramké ing sak ubengé mesbèh karo para imam anaké Harun.
3
Sakwisé mengkono kurbané keslametan kuwi sak bagéan dijukukké dadi kurban sing dipasrahké marang GUSTI karo dibakar, ya kuwi gajihé sing mbuntel jeroané lan sakkèhé gajihé sing nèmplèk ing jeroané,
4
uga menèh ginjelé loro pisan sak gajihé, ing lempèng lan ing gèmbèlané atiné, jupukana dipisah bareng karo ginjelé.
5
Kuwi terus diobongi ing mesbèh karo para anaké Harun, ditumpangké ing kurban obongan sing ijik diobong ing geni; kuwi dadi kurban bakaran, sing ambuné nggawé senengé GUSTI.
6
Yèn sing kanggo kurban keslametan ngadep marang GUSTI kuwi rupa wedus, senajan lanang utawa wédok, kuwi kudu sing tanpa tyiri.
7
Yèn wedus gèmbèl sing dipasrahké dadi kurban, kuwi diladèkké ing ngarepé GUSTI.
8
Wong numpangké tangané ing endasé kurban, wedus kuwi terus dibelèh ing ngarep Tarup Kumpulan, lan getihé terus disiramké ing sak ubengé mesbèh karo para anaké Harun.
9
Sakwisé mengkono kurbané keslametan kuwi sak bagéan dijukuk diladèkké dadi kurban bakaran marang GUSTI, ya kuwi gajihé lan buntuté kabèh, diketok mèpèt ing balung mburiné lan gajihé sing nutupi jeroané uga sakkèhé gajihé sing nèmplèk ing njeruhné,
10
Uga menèh ginjelé loro pisan sak gajihé sing kelèt ing kono, uga gèmbèlé atiné, jupukana bareng karo ginjelé.
11
Kuwi terus diobongi karo imam ing mesbèh kanggo panganan rupa kurban bakaran dipasrahké marang GUSTI.
12
Yèn kurbané rupa wedus, kuwi diladèkké ing ngarepé GUSTI.
13
Wong numpangké tangané ing endasé wedus, terus wedusé dibelèh ing ngarepé Tarup Kumpulan lan getihé disiramké ing sak ubengé mesbèh karo para anaké Harun.
14
Terus sak bagéan dipasrahké dadi kurban bakaran marang GUSTI, ya kuwi gajihé sing mbuntel njeruhné lan sakkèhé gajihé sing nèmplèk ing jeroané
15
lan ginjelé loro pisan sak gajihé, sing kelèt ing kono, ing lempèng uga gèmbèlé atiné, jupukana bareng karo ginjelé mau.
16
Kuwi terus diobongi kabèh karo imam ing mesbèh kanggo panganan rupa kurban bakaran, sing ambuné nyenengké. Sakkèhé gajihé kuwi dadi duwèké GUSTI.
17
Iki pernatan sak lawasé kanggo turunanmu ing ngendi-endi panggonanmu: Ati-ati kowé aja pisan-pisan mangan gajihé lan getih.”
← Chapter 2
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 4 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27