bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 13
Leviticus 13
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 14 →
1
GUSTI ngetokké tembung marang Moses lan imam Harun mengkéné:
2
“Yèn ana wong sing kulité awaké abuh, mlenting-mlenting utawa blentong-blentong kaya panu, menawa dadi wiwitan lara lépra ing kulité, wong kuwi terus digawa marang ing ngarepé imam Harun utawa ngarepé salah sijiné imam anaké Harun.
3
Imam terus ndelok lara ing kulité awaké kuwi, lan yèn wulu ing korèngé kuwi malih dadi putih, lan lara kuwi kétok luwih jeru tenimbangané kulit, kuwi pantyèn lara lépra; yèn imam wis yakin bab kuwi, wong mau ditetepaké najis.
4
Nanging yèn blentong ing kulité awaké kuwi senajan ya putih, nanging ora kétok luwih jeru tenimbangané kulité, lan wuluné ora malih dadi putih, wong mau dikurung karo imam lawasé pitung dina.
5
Sakwisé pitung dina didelok menèh karo imam, yèn manut panemuné imam, korèngé ajek waé, ora mrèmèn marang kulit liyané, wongé dikurung menèh suwéné pitung dina kanggo sing kaping pindoné.
6
Bareng pitung dina didelok menèh karo imam sing kaping pindoné, yèn korèngé kétok alum lan ora mrèmèn ing kulit liyané, imam netepké yèn wong mau ora najis, kuwi mung mlenting-mlenting waé. Wongé kudu ngumbah sandangané, terus wis dadi resik.
7
Nanging yèn sakwisé waktu ndelokké awaké marang imam supaya disutyèkké mau, mlenting-mlentingé terus mundak mrèmèn menyang kulit liyané, wongé kuwajipan ndelokké awaké marang imam menèh sing kaping pindoné.
8
Yèn manut panemuné imam mlenting-mlentingé kuwi mundak mrèmèn, wongé terus ditetepaké najis karo imam: kuwi lara lépra.
9
Yèn ana wong sing nandang lara lépra, kuwi kudu digawa marang ing ngarepé imam.
10
Yèn manut panemuné imam kulité ana sing abuh, rupané putih, lan njalari wuluné ya wis malih putih, nanging sak tengahé sing abuh mau ana dagingé medugul,
11
kuwi lara lépra sing wis suwé ing kulité awaké, Mulané wong kuwi ditetepaké najis karo imam, ora usah ndadak dikurung, awit pantyèn wis dadi najis.
12
Yèn lara lépra mau putih rata ing kulit, nganti nutupi awaké sekujur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakané, sak pira sing bisa diweruh karo imam,
13
lan yèn panemuné imam lara lépra kuwi wis rata kulité wong mau ing awaké sekujur, larané mau terus ditetepaké ora najis, awit larané mau wis malih dadi putih kabèh; wongé dadi resik.
14
Nanging yèn ing larané kuwi kétok ana dagingé sing mbendol, wongé dadi najis.
15
Yèn imam weruh daging sing mbendol kuwi, wongé ditetepaké najis; daging mbendol kuwi najis, pantyèn kuwi lara lépra.
16
Nanging yèn daging mbendol kuwi kempès lan malih dadi putih, wong terus ngadepa marang ing ngarepé imam.
17
Yèn manut panemuné imam larané wis malih dadi putih, kanggo larané ditetepaké ora najis karo imam, dasar wis resik najisé.
18
Yèn ing kulité awaké sakwijiné wong ana plentungané sing wis waras,
19
nanging tilas panggonan sing mlentung kuwi ana sing mbendol putih utawa ana belangé putih semu abang, wong kuwi terus njaluka dipréksa karo imam.
20
Yèn manut panemuné imam belangé kuwi luwih jeru tenimbangané kulit liyané, lan wuluné wis malih dadi putih, wongé ditetepaké najis karo imam. Kuwi lara lépra sing putih ing tilas plentungané mau.
21
Nanging yèn imam enggoné nitipriksa ora ketemu ana wuluné putih lan belangé ora luwih jeru tenimbangané kulit liyané, malah belangé kétok mundak alum, wong terus dikurung karo imam lawasé pitung dina.
22
Yèn belangé mau mrèmèn menyang kulit liyané, wong ditetepaké karo imam yèn najis, kuwi pantyèn lara lépra.
23
Nanging yèn belangé mau sabendina ora mrèmèn, kuwi tetep mung tilas plentungané, wong ditetepaké resik karo imam.
24
Utawa yèn ing kulité awak ana tatu gosong kena geni, nanging sak warasé kulité, tatu mau dadi blentong putih semu abang utawa putih,
25
imam kudu nitipriksa, yèn wulu ing panggonan blentong mau malih putih, lan belangé kétok luwih jeru tenimbangané kulit liyané, dadi kuwi pantyèn lara lépra sing putih sangka tatu kobong mau, mulané wong ditetepaké najis karo imam, kuwi lara lépra.
26
Nanging yèn manut panemuné imam, ing belangé kuwi ora ana wuluné putih lan ora luwih jeru tenimbangané kulit liyané, malah kétok mundak alum, wongé terus dikurung karo imam lawasé pitung dina.
27
Ing pitung dina wong mau didelok menèh karo imam; yèn belangé mundak mrèmèn ing kulit, wong ditetepaké najis karo imam, kuwi lara lépra.
28
Nanging yèn belangé sabendina ing panggonané, ora mrèmèn ing kulit liyané, malah kétok alum, kuwi mung mbendol tatu kobong, mulané wong ditetepaké ora najis karo imam, awit kuwi mung tatu kobong waé.
29
Uga menèh yèn ana wong lanang utawa wadon korèngen ing sirah utawa ing jénggoté,
30
imam kudu nitipriksa lara kuwi, yèn kétok luwih jeru tenimbangané kulit liyané, lan wuluné lemes semu kuning, wong kuwi ditetepaké najis karo imam. Kuwi borok, ya lara lépra ing sirah utawa ing jénggoté.
31
Nanging yèn manut panemuné imam, lara mau kétok ora luwih jeru tenimbangané kulit liyané, lan ora ana rambuté sing ireng, sing nandang lara borok kuwi terus dikurung karo imam lawasé pitung dina.
32
Ing pitung dina imam ndelok menèh lara mau, yèn boroké ora mrèmèn lan ora ana rambuté sing semu kuning, mengkono menèh boroké ora luwih jeru tenimbangané kulit liyané,
33
wong terus dityukur; lan sing ana boroké aja dityukur, lan wong sing boroken kuwi dikurung karo imam pitung dina engkas.
34
Nanging ing pitung dina imam nitipriksa boroké mau menèh, yèn ditemokké ora mrèmèn ing kulit liyané, lan kétok ora luwih jeru tenimbangané karo kulité, wong terus ditetepaké ora najis karo imam, mung kudu ngumbah sandangané, terus wis dadi resik.
35
Nanging yèn lara mau pantyèn mundak mrèmèn ing kulité, sakwisé ditetepaké resik,
36
nanging panemuné imam, boroké mrèmèn ing kulité, dadi imam ora usah nggolèki rambuté sing kuning, wong mau pantyèn najis.
37
Nanging yèn manut panemuné imam lara kuwi ijik ajek, lan wis ketukulan rambuté ireng, dadi boroké wis waras, wong ora najis, lan imam netepké yèn ora najis.
38
Yèn ana wong lanang utawa wadon sing kulité ana blentong-blentongé, ya kuwi blentong-blentong putih,
39
imam kudu nitipriksa, yèn blentong-blentong ing kulit mau kétok alum, dadi mung bangsané panu waé sing putih ing kulit mau, wong mau ora najis.
40
Yèn ana wong lanang sing mbrodol rambuté, kuwi mung dadi gundul, ora najis,
41
yèn sing mbrodol mung rambuté ing ngarep waé, lan dadi gundul ing sisih ngarep, kuwi ora najis.
42
Nanging yèn ing sirahé sing gundul mau ing sisih nduwur utawa ing sisih ngarep ana korèngé sing putih semu abang, kuwi lara lépra sing putih ing panggonan sirahé sing gundul mau.
43
Imam terus ndelok, yèn mbendolé lara sing putih ing panggonan sirahé sing gundul kuwi putih semu abang, rupané pada karo lara lépra ing kulit,
44
wong kuwi pantyèn nandang lara lépra, dadi najis lan ditetepaké najis karo imam, awit sangka korèngé ing sirahé mau.
45
Wong sing nandang lara lépra kuwi kudu nganggo sandangan sing suwèk-suwèk, rambuté lan brengosé tutupana, karo surak: najis, najis!
46
Selawasé nandang lara kuwi, tetep najisé. Awit najis mulané panggonané dipisah, pernahé ing sak njabané tarup.
47
Yèn ana sandangan sing ana tanda-tandané lara lépra, dadia sandangan wol utawa mori lénan,
48
dadia tenunan utawa enaman bolah, dadia lulang utawa sembarang dandanan lulang,
49
yèn tanda-tanda sing manggon ing barang-barang mau kétok semu abang, kuwi lara lépra, perlu dideloké marang imam.
50
Yèn tanda-tanda mau wis didelok karo imam, sing kanggonan tanda-tanda mau dipisah pitung dina suwéné.
51
Ing pitung dina didelok menèh, yèn tanda-tanda mau wis mrèmèn ing sandangan, utawa tenunan, ing enaman utawa ing lulangé, ya ing sembarang apa waé sing bakalé lulang, kuwi lépra sing ndrawasi banget, lan kuwi najis.
52
Sandangan sing ana tanda-tandané mengkono kuwi kudu diobong, awit kuwi lépra sing ndrawasi banget, barang-barang mau kudu diobong nganti entèk.
53
Nanging yèn manut panemuné imam, tanda-tanda mau ora mrèmèn ing barang-barang kuwi,
54
imam terus kongkona ngumbah barang-barang sing kanggonan tanda-tanda kuwi, lan wong terus dipisah pitung dina menèh.
55
Sakwisé barang-barang kuwi dikumbah, imam kudu nitipriksa tanda-tanda kuwi mau menèh. Senajan ora mrèmèn, yèn tanda-tanda kuwi ora owah, barang-barang mau tetep najis, kuwi kudu kok obong nganti entèk, awit tanda-tanda mau mundak jeru ing sisih mburiné utawa ing sisih ngarep.
56
Nanging yèn manut panemuné imam tanda-tanda mau sakwisé dikumbah kétok lamat-lamat, kuwi kudu disuwèk sangka barang-barang mau.
57
Nanging yèn tanda-tanda kuwi kétok menèh ing barang-barang mau, kuwi lépra sing ijik putih, barang sing kanggonan tanda-tanda kuwi diobong nganti entèk.
58
Nanging barang-barang sing wis kok kumbah nganti ilang tanda-tandané, kuwi dikumbah menèh, ijik dadi resik.
59
Kuwi mau pernatan bab lépra sing kanggo ing sandangan wol utawa mori lenan, barang tenunan utawa enaman, uga saben dandanan lulangé, supaya ditetepaké resik utawa najis.”
← Chapter 12
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 14 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27