bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 17
Leviticus 17
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 18 →
1
GUSTI ngetokké tembung marang Moses:
2
“Kowé mréntaha marang Harun lan marang anak-anaké lan marang sakkèhé wong Israèl, pada omongana mengkéné: Iki préntahé sing dikèkké karo GUSTI:
3
Saben wong turunané Israèl sing mbelèh sapi, wedus gèmbèl utawa wedus ing njeruh tarup utawa ing sak njabané,
4
nanging ora digawa menyang ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan perlu dipasrahké kanggo kurban marang GUSTI ing ngarepé Tarupé sutyi-Né GUSTI, sing mengkono kuwi diutangké marang wong mau kanggo utang getih, awit wis ngutahké getih, wong kuwi kudu dibuwang sangka sak tengahé bangsané.
5
Mila kuwi supaya wong Israèl yèn pada nggawa kurbané sing dibelèh, sing adaté dipasrahké ing ara-ara, marang GUSTI ing lawangé Tarup Kumpulan karo dipasrahké marang imam, kanggo kurban keslametan ngadep marang GUSTI.
6
Imam terus nyiramké getihé ing mesbèhé GUSTI ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan, lan gajihé diobongi kanggo ambuné sing nggawé senengé GUSTI.
7
Aja ana sing pada masrahaké kurbané menèh marang para demit, awit nyembah marang demit kuwi mlebu bédang. Kuwi dadia pernatan ing sak lawasé kanggo wong-wong kuwi nganti turun-temurun.
8
Lan kuwi pada kok omongana: Saben turunané Israèl utawa tunggalé bangsa liyané sing manggon ing tengahmu, sing masrahaké kurban obongan utawa kurban sing dibelèh,
9
nanging ora digawa menyang ing lawangé Tarup Kumpulan supaya dipasrahké marang GUSTI, wong sing kaya mengkono kuwi dientèkké sangka antarané bangsané.”
10
“Saben wong turunané Israèl lan tunggalé bangsa liyané sing manggon ing tengahmu, sing mangan saben getih, kuwi bakal Tak lawan lan Tak entèkké sangka sak tengahé bangsané.
11
Awit nyawané angger daging kuwi ing getihé, lan enggon-Ku ngekèki getih marang kowé ing mesbèh kuwi supaya dadia dalané rukunan kanggo nyawamu, awit getih kuwi ngekèki rukunan marang nyawa.
12
Mulané Aku ngongkon marang wong Israèl: Aja ana wong sak panunggalmu sing mangan getih, ya kabèh bangsa liyané sing manggon ing tengahmu, aja ana sing mangan getih.
13
Saben wong Israèl utawa wong liyané sing manggon ing tengahmu, sing beburon terus olèh kéwan mau utawa manuk sing kena dipangan, getihé kudu ditokké, terus diuruki karo lemah,
14
awit nyawané angger daging kuwi getihé, mulané wong Israèl wis pada Tak préntahké mengkéné: Kowé aja mangan getihé saben daging, awit nyawané angger daging kuwi getihé; sapa sing mangan kuwi mesti kudu dibuwang.
15
Uga sapa sing mangan batang utawa turahé kéwan galak, dadia wong Israèl utawa wong liyané, kuwi kudu ngumbah sandangané lan adus lan bakal dadi najis tekan mingslepé srengéngé, terus mari najisé.
16
Nanging yèn ora kudu ngumbah sandangané lan ora adus, mesti bakal nyangga kesalahané.”
← Chapter 16
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 18 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27