bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Leviticus 27
Leviticus 27
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
1
GUSTI ngetokké tembung marang Moses:
2
“Kowé ngomonga marang wong Israèl: Yèn ana wong ngetokké janji spésial marang GUSTI kanggo manungsa, kuwi regané nuruta sak pantesé,
3
kanggo wong lanang sing umuré rong puluh taun tekan suwidak taun, kuwi kok ajènana sèket sèkel slaka, ditimbang manut sèkel sutyi.
4
Yèn kanggo wong wadon ajènana telung puluh sèkel,
5
lan sing umur limang taun tekan rong puluh taun, yèn lanang ajènana rong puluh sèkel, yèn wadon sepuluh sèkel.
6
Lan kanggo sing umur sesasi tekan lima taun, yèn lanang ajènana lima sèkel slaka, yèn wadon telung sèkel slaka.
7
Uga kanggo sing umur suwidak taun utawa luwih, yèn lanang ajènana limalas sèkel, yèn wadon sepuluh sèkel.
8
Nanging yèn wong mau mlarat banget, nganti ora bisa mbayar regané, kuwi terus digawa marang ngarepé imam, supaya imam netepaké regané; lan imam enggoné netepaké ajiné manut kekuwatané wong sing ngetokké janji mau.
9
Yèn janjiné kuwi nganggo kewan sing kena digawé kurban pasrah marang GUSTI, sembarang sing dipasrahké marang GUSTI, kuwi kudu sutyi.
10
Kuwi ora kena diijoli utawa dibayar, dadi sing apik diijoli sing ala, utawa sing ala dibayar sing apik. Senajan mengkono yèn kéwan diijoli kéwan liyané, sing diijoli lan ijolé kudu sutyi.
11
Yèn kuwi kéwan sing haram, sing ora kena digawé pasrah kurban marang GUSTI, kéwan kuwi digawa marang ngarepé imam,
12
terus diregani karo imam, miturut ala-betyiké. Lan sak pira putusané imam, ya tetepana semono okèhé.
13
Lan yèn kéwan mau arep ditebus, regané mau ditambahi sak pralimané.
14
Yèn ana wong sing nyutyèké omahé, digawé pisungsung sutyi pasrah marang GUSTI, kuwi diregani karo imam, miturut ala-betyiké. Lan sepira putusané imam, ya tetepana semono okèhé regané.
15
Nanging yèn sing nyutyèké mau arep nebus omahé, regané omah dipunjuli sak pralimané, sakwisé mengkono omah mau dadi duwèké menèh.
16
Yèn ana wong sing nyutyèké sak bagéan lemahé pasrah marang GUSTI, kuwi regané kudu tyotyok karo wiji sing disebar, ya kuwi: wiji jewawut sak omèr sing disebar diregani sèket sèkel slaka.
17
Yèn enggoné nyutyèké lemahé mau wiwit ing taun Yobèl, regané tetep semono okèhé.
18
Nanging yèn enggoné nyutyèké mau sakwisé taun Yobèl, imam enggoné ngitung regané nuruta tyatyahé taun sing kèri tekan ing taun Yobèl ngarepé, lan kuwi kanggo nyuda regané.
19
Lan yèn sing nyutyèké lemah kuwi tenan-tenan arep nebus, wong mau kudu mbayar duwit regané dipunjuli sak pralimané, sakwisé mengkono bali dadi duwèké menèh.
20
Nanging yèn lemahé mau ora ditebus, utawa malah wis didol marang wong liyané, kuwi ora kena ditebus menèh,
21
nanging waktu luwar ing taun Yobèl, lemah kuwi dadi sutyi kanggo GUSTI, ya kuwi dadi lemah mung kanggo GUSTI, kuwi imam sing mesti nduwèni.
22
Nanging yèn sing disutyèkké pasrah marang GUSTI kuwi lemah mentas olèhé tuku, lan ora kepitung lemah duwèké dèk mbiyèn,
23
imam enggoné ngregani ngitunga nganti tekan taun Yobèl; ing dina kuwi uga wong mau masrahna duwit regané, kuwi kanggo pisungsung sutyi pasrah marang GUSTI.
24
Ing taun Yobèl lemah mau kudu bali marang sing ditukoni ndisik, ya kuwi wong sing wiwitan nduwèni lemah mau.
25
Sakkèhé regané kuwi nuruta sèkel sutyi, sing sak sèkelé boboté rong puluh géra.
26
Nanging kanggo anak mbarepé kewan sing pantyèn wis dadi wewenangé GUSTI sangka antarané kéwan-kéwan, kuwi ora kena disutyèkké karo sapa waé; dadia sapi, dadia wedus gèmbèl utawa wedus kuwi pada duwèké GUSTI.
27
Nanging yèn kuwi kéwan sing haram, kuwi ditebus manut regané, nganggo dipunjuli sak pralimané, lan yèn ora ditebus, kuwi didol manut regané.
28
Nanging kanggo samubarang sing wis didèwèkké karo sakwijiné wong marang GUSTI sangka sak bagèané duwèké, dadia manungsa, dadia kewan, utawa lemah, kuwi ora kena didol lan ya ora kena ditebus, awit samubarang sing wis didèwèkké, kuwi Mahasutyi kanggo GUSTI.
29
Saben wong sing wis didèwèkké, sing bakal dientèkké, kuwi ora kena ditebus, mesti diukum pati.
30
Mengkono uga sakkèhé pisungsung prasepuluhan sangka pametuné lemah, dadia sing disebar ing lemah utawa sangka pametuné wit-witan, kuwi duwèké GUSTI, kuwi pisungsung sutyi kanggo GUSTI.
31
Nanging yèn ana sing arep nebus pisungsungé prasepuluhan kuwi dipunjuli sak pralimané.
32
Kanggo sakkèhé pisungsung prasepuluhan sangka sapi lan wedus kuwi sangka sakkèhé kéwan sing liwat ing sak ngisoré tekené pangon waktu diitung, kuwi sak prasepuluhé dadia pisungsung sutyi kanggo GUSTI.
33
Ora kena dipilih endi sing apik utawa endi sing ala, ya ora kena diijoli; nanging yèn meksa diijoli, kéwan sing diijoli lan sing diijolaké kuwi kabèh dadi sutyi, ora kena ditebus.”
34
Kuwi mau pepakon-pepakon sing didawuhké karo GUSTI marang Moses ing gunung Sinai kanggo wong Israèl.
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27