bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 1
Jeremiah 1
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 2 →
1
Iki pangandikane Nabi Yeremia bin Hilkia, tedhak turune para imam ing Anatot ing tanah Benyamin.
2
Nalika jamane Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda, ing taun kang kaping telulase anggone ngasta paprentahan, ana pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia.
3
Pangandikane iku uga kadhawuhake nalika jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka ing wekasane taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka para wong kang manggon ing Yerusalem padha kaangkatake menyang ing pambuwangan, ing sajroning sasi kalima.
4
Pangandikane Pangeran Yehuwah kadhawuhake marang aku, mangkene:
5
“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
6
Dene unjuk wangsulanku: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten saged wicanten, awit kawula taksih nem.”
7
Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja matur: Kawula punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus, sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira, kudu sira tekakake.
8
Aja sira wedi marang wong-wong iku, amarga Ingsun nganthi sira supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
9
Sang Yehuwah tumuli mulung astane lan ndumuk cangkemku; Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Lah Ingsun maringake dhawuhingSun ana ing cangkemira.
10
Wruhanira, ing dina iki Ingsun njujung sira dadi ana ing sadhuwuring bangsa-bangsa lan karajan-karajan, supaya mbedhol lan ngrubuhake, ngrusak lan nggempuri, apadene mbangun lan nandur.”
11
Sawise iku ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “He Yeremia, apa sing sira deleng?” Unjukku: “Kawula ningali wit saked.”
12
Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Bener pandelengira, amarga Ingsun wus arep nindakake dhawuh pangandikaningSun.”
13
Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah kang kapindhone marang aku: “Apa kang sira deleng?” Atur wangsulanku: “Kawula ningali kendhil ingkang umob, dhatengipun saking sisih ler.”
14
Sang Yehuwah nuli ngandika marang aku: “Saka ing sisih lor bakal ana bilai kang ngamuk nempuh sakehing wong kang manggon ing nagara kene.
15
Awit lah Ingsun nimbali sakehing gotrahing karajan ing sisih lor, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, lan wong-wong iku bakal padha ngedegake dhamparing kratone dhewe-dhewe ana ing sangareping gapurane Yerusalem, ing sacedhaking balowarti ing sakubenge lan ing sacedhake sakehing kuthane Yehuda.
16
Ingsun bakal banjur ndhawahake paukumaningSun marang wong-wong iku, awit saka sakehing pialane, amarga wus padha nyingkur Ingsun, klawan aweh kurban marang allah liyane, lan sujud nyembah marang gaweaning tangane dhewe.
17
Nanging sira iki, becik samektaa, ngadega lan tekakna marang wong-wong iku, kabeh kang Sundhawuhake marang sira. Aja wedi ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya Ingsun aja ndadekake wedimu ana ing ngarepe wong-wong iku.
18
Mungguh Ingsun, lah ing dina iki sira Sundadekake beteng kang santosa, saka guru wesi lan balowarti tembaga, nglawan sawarataning nagara iki, nglawan para raja ing Yehuda lan para panggedhene, para imame sarta rakyate nagara iki.
19
Wong-wong iku bakal padha merangi sira, nanging sira ora bakal kalah, amarga Ingsun nganthi sira, supaya ngluwari sira, mangkono dhawuh pangandikane Sang Yehuwah.”
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 2 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52