bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 15
Jeremiah 15
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 14
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 16 →
1
Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!
2
Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sing marang pati, maranga ing pati! Sing marang pedhang, maranga ing pedhang! Sing marang pailan, maranga ing pailan! Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!
3
Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.
4
Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”
5
“He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira, lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira? Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?
6
Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, sarta wus lunga nyingkur Ingsun. Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira; Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.
7
Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampah ana ing kutha-kuthaning nagara. Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes, amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.
8
Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihi cacahe wedhining sagara. Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyung lan nom-nomane ing wayah awan. Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.
9
Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek, tumrap dheweke srengenge wus surup sanadyan ing wayah awan, sarta nandhang wirang isin. Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
10
Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula, tiyang ingkang dados wijining paben lan garejegan tumrap tiyang sanagari. Kula sanes tiyang ingkang nyambutaken utawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena, nanging sadaya sami nyupaosi kula.
11
Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget, lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Paduka ing wekdal nandhang bilai lan karupekan!
12
Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?
13
“Kasugihan lan rajabrananira bakal Sunulungake dadi rayahan, minangka ganjaran tumrap sakehing dosanira ana ing saindenging tlatahira.
14
Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira, ana ing nagara kang ora sira sumurupi, amarga bebenduningSun wus metokake geni, kang mulad-mulad ngenani sira.”
15
Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika, mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula; Paduka mugi karsaa malesaken kawula tumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula. Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet, amargi agenging kasabaran Paduka, mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka.
16
Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.
17
Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-seneng kaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan, amargi kawula kapetel dening asta Paduka, kawula lajeng linggih piyambakan awit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.
18
Punapaa dene reribed kawula boten telas-telas lan tatu kawula awrat sanget, ngantos angel dipun jampeni? Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani, toyanipun boten kenging dipun jagekaken.
19
Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene: “Manawa sira gelem mratobat, Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh, lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor, sira bakal dadi lesaningSun. Sanadyan wong iku padha bali marani sira, nanging sira ora prelu bali marang wong iku.
20
Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembaga kang santosa tumrap bangsa iki; wong iku bakal padha merangi sira, nanging ora bisa menang, amarga Ingsun nganthi sira, sira Sunslametake lan Sunluwari. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
21
Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka, lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”
← Chapter 14
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 16 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52
Recommended Reading
Commentary
Jeremiah Commentaries
→
Devotional
Jeremiah Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→