bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 24
Jeremiah 24
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 25 →
1
Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.
2
Kranjang kang siji isi woh anjir kang becik banget, empere kaya woh anjir kang mateng kawitan; kranjang sijine isi woh anjir kang elek banget, nganti ora kena dipangan marga saka eleke.
3
Aku banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: “He Yeremia, apa kang sira deleng?” Unjuk wangsulanku: “Kawula ningali woh anjir! Ingkang sae punika sanget saenipun, saha woh anjir ingkang awon ingkang boten kenging katedha margi saking awonipun.”
4
Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:
5
“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Kayadene woh anjir kang becik iku iya kaya mangkono anggoningSun bakal nggalih marang wong Yehuda kang Sunbekta saka ing panggonan iki menyang ing tanah pambuwangan, tanahe para wong Kasdim murih becike.
6
Ingsun bakal mirsani para wong iku murih becike, lan Sunulihake menyang ing nagara kene maneh: bakal Sunbangun, ora Sunbubrah; Suntanem, ora Sunbedholi.
7
Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.
8
Nanging kayadene woh anjir kang elek kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan iku -- pangandikane Sang Yehuwah mangkene: -- Iya kaya mangkono anggoningSun bakal tumindak ing ngatase Zedhekia, ratu ing Yehuda, dalah para panggedhene, sarta kekarene wong ing Yerusalem, kang isih ana ing nagara kene apadene para wong kang manggon ana ing nagara Mesir.
9
Ingsun bakal damel para wong iku dadi pangewan-ewan tumrap sakehing krajan ing bumi, dadi cacadan lan pocapan, dadi poyokan lan ipat-ipat ana ing sakehing panggonan, anggoningSun mbuyarake.
10
Sarta Ingsun bakal ndhatengake perang, pailan lan pageblug marang wong-wong iku, nganti padha kasirnakake babar pisan saka ing tanah peparingingSun marang wong-wong iku lan marang para leluhure.”
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 25 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52