bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 12
Jeremiah 12
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 13 →
1
Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka! Namung kawula badhe kumedah-kedah matur dhumateng Paduka bab kaadilan. Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja, lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?
2
Paduka tuwuhaken ngantos sami ngoyod, gesangipun ngrembaka lan ngedalaken woh ugi. Asma Paduka dipun ucapaken ing lambenipun, nanging batosipun tebih saking Paduka.
3
Dhuh Yehuwah, Paduka tepang lan nguningani kawula, lan Paduka ndadar kadospundi sungkem kawula dhumateng Paduka. Tiyang punika mugi Paduka gered medal kados menda-menda pragatan, lan mugi Paduka pijekaken kangge ing dinten pemragatan.
4
Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing, lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum? Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngriku sato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna, awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”
5
“Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat, kang marakake sayahira, kapriye bisanira balapan karo jaran? Manawa ana ing tanah kang tentrem, sira ora rumangsa ayem, kapriye bakal polahira ana ing grumbulan ing sapinggire bengawan Yarden?
6
Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsanira iku wus padha nyidrani sira: iku uga bebarengan ana ing burinira. Aja padha sira andel, sanadyan tembunge manis marang sira.
7
Ingsun wus nilar padalemaningSun, nagara kagunganingSun wus Sunbucal, gantilaning galihingSun wus Sunpasrahake marang mungsuhe.
8
Nagara kagunganingSun wus dadi kaya singa ing alas tumrap Ingsun. Dheweke nyenggrang Ingsun, mulane Sunsengiti.
9
Nagara kagunganingSun wus dadi kaya manuk belang tumrap Ingsun; manuk galak padha ngrubung. Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna, giringen mrene kareben ngentekake iku!
10
Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun, ngicak-icak palemahan kang Sunremeni didadekake ara-ara kang sepi samun.
11
Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun, sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun. Saindenging nagara iku sepi mamring, nanging ora ana wong kang nggatekake.
12
Para pangrusak wus padha teka ngliwati tengger gundhul ing ara-ara samun, amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa, saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijine ora ana katentreman tumrap sabarang kang urip.
13
Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni, anggone nggarap gawe kanthi rekasa, mung bae ora ana pituwase, padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene, wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”
14
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.
15
Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.
16
Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.
17
Nanging manawa padha lumuh ngrungokake, Ingsun mesthi bakal mbethot lan numpes bangsa kang kaya mangkono iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
← Chapter 11
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 13 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52