bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 28
Jeremiah 28
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 29 →
1
Ing sajroning taun iku uga, nalika wiwit jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, panuju ing sasi kalima, ing taun kang kaping papate, Nabi Hananya bin Azur, kang asal saka ing Gibeon iku pratela marang aku ana ing padalemane Sang Yehuwah, ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh:
2
“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Ingsun wus mutung pasangane ratu ing Babil iku.
3
Ing sajroning rong taun iki Ingsun bakal ngulihake sakehing pirantining padalemane Sang Yehuwah, kang dijupuk dening Nebukadnezar, ratu ing Babil, saka ing panggonane lan diusungi menyang ing Babil.
4
Uga Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda tuwin sakehe wong buwangan saka ing Yehuda kang digawa menyang Babil, bakal Sunulihake menyang padunungane iki, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah, Ingsun bakal mutung pasangane ratu ing Babil iku!”
5
Nabi Yeremia tumuli ngandika marang Nabi Hananya ana ing ngarepe para imam lan rakyat kabeh, kang padha ngadeg ana ing padalemane Sang Yehuwah.
6
Pangandikane Nabi Yeremia: “Amin! Muga-muga Sang Yehuwah tumindak mangkono! Muga-muga Sang Yehuwah netepi kaya surasane kang kokwecakake iku mungguh baline piranti-piranti padalemane Sang Yehuwah lan sakehe wong buwangan iku saka ing tanah Babil.
7
Mung bae, kowe padha ngrungokna tembungku kang bakal daklairake ana ing ngarepmu lan ing ngarepe rakyat iki kabeh:
8
Para nabi kang ana sadurunge aku lan kowe, wiwit biyen mula wus padha nglairake pameca marang nagara akeh lan karajan gedhe-gedhe bab perang, bilai lan pageblug.
9
Nanging mungguh sawijining nabi kang meca bab tentrem rahayu, manawa pameca iku kayektenan, lagi disumurupi, yen nabi iku kautus dening Sang Yehuwah temenan.”
10
Nabi Hananya nuli njupuk pasangan iku saka ing janggane Nabi Yeremia, banjur diputung.
11
Nabi Hananya ngandika ana ing ngarepe rakyat kabeh: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iya kaya mangkono anggoningSun bakal mutung pasangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, Sunbuwang saka ing gulune para bangsa sajroning rong taun iki!” Nanging Nabi Yeremia nuli tindak saka kono.
12
Sawise Nabi Hananya mutung pasangan saka ing janggane Nabi Yeremia, ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
13
“Sira nemonana Hananya lan dhawuhana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira wus mutung pasangan kayu, nanging Ingsun bakal damel pasangan wesi minangka lirune.
14
Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel: Pasangan wesi bakal Sunetrapake ana ing gulune sakehing bangsa iku, temah bangsa iku mau padha teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil; sanyata, para raja iku mesthi bakal teluk! Dalah sato kewan ing ara-ara wus padha Sunparingake.”
15
Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: “He Hananya, mara rungokna! Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara,
16
mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”
17
Nabi Hananya seda ing taun iku uga, ing nalika sasi kapitu.
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52