bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 9
Jeremiah 9
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 10 →
1
Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku.
2
Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun, kanggo wong kang lagi lelana, aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku! Awit iku kabeh wong kang laku jina, golonganing wong kang ora setya.
3
Iku padha menthang ilate kaya gandhewa piala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara. Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala, nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.
4
Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.
5
Kang siji ngapusi sijine, lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener, padha ngulinakake ilate ngucap goroh, padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat.
6
Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung! Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.
7
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki, jer apa maneh ta kang bisa Suntandukake tumrap anake wadon umatingSun?
8
Ilate iku panah kang memateni, tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus, pangucape marang kancane: tentrem, nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.
9
Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku, marga saka iki kabeh? Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
10
Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung, lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun, awitdene wus suwung kabeh, nganti ora ana kang ngambah, lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya, dadia manuk ing awang-awang, dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.
11
Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugrugan papan pandhelikaning asu ajag. Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring, ora ana kang manggon maneh.”
12
Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?
13
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku,
14
nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,
15
mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun.
16
Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.”
17
Padha gatekna! Ngundangana para juru tangis wadon, supaya padha mrene, lan kongkonana, supaya para wong wadon kang limpad, padha mrene!
18
Kareben padha enggal teka lan padha nangisi kita, supaya mripat kita metokake luh, lan suluhan kita akembeng banyu!
19
Amarga ing Sion keprungu tangis: Adhuh padha mati aku! Aku padha banget diwirangake! Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki, dene omah-omahku padha dibrukake.
20
He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, padha nilingna dhawuhing lesane; anak-anakmu wadon padha wulangen tangisan lan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane:
21
“Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela-cendhela kita, kedhaton kita wus padha dileboni, bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake, samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun.
22
Mayite wong-wong padha kleleran kaya rabuk ana ing pategalan, kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni, lan ora ana kang nglumpukake.”
23
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;
24
nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
25
Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing wektune anggoningSun maringi paukuman marang wong kang wus tetak, nanging isih ikutan:
26
wong Mesir, wong Yehuda, wong Edom, bani Amon, wong Moab lan sakehing wong kang cukur rambute ing ngiringan mubeng lan wong kang manggon ing pasamunan, amarga sakehing bangsa ora padha tetak lan satedhak turune Israel iya ora tetakan atine.”
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52