bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 39
Jeremiah 39
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 40 →
1
Kacarita nalika Yerusalem dibedhah -- sajroning taun kang kaping sangane paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasepuluh, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kadherekake wadya-balane, ngepung kutha Yerusalem;
2
ing sajrone tahun kang kaping sawelase paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ing sasi kapat, nalika tanggal sanga sasi iku, balowartine kutha iku kabedhah --
3
para prawirane ratu ing Babil iku, banjur ngejegi gapura tengah, yaiku: Sang Nergal-Sarezer, panggedhe saka Sin-Magir, Senapati, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton lan para prawira liyane, abdine ratu ing Babil.
4
Bareng Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, mirsa iku kabeh banjur lolos, kadherekake para wadya-balane, anggone nilar kutha iku ing wayah bengi, miyos ing dalan ing patamananing Sang Prabu, nglangkungi gapura ing antarane balowarti loro, banjur dharat ngener ing Araba-Yarden.
5
Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.
6
Sang Nata ing Babil nuli dhawuh nyembeleh para putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane ana ing Ribla; sakehing panggedhene Yehuda padha disembeleh uga dening ratu ing Babil.
7
Tumuli tingale Sang Prabu Zedhekia dicuplak, wasana dikecrek mawa rante tembaga, ditawan menyang ing tanah Babil.
8
Wadya-bala Kasdim padha ngobongi kraton lan omah-omahe rakyat, banjur njugrugake balowartine Yerusalem.
9
Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, banjur nawan para kekarening rakyat kang isih ana ing kutha iku, lan wong-wong padha mbalik ngrojongi mungsuh apadene kekarening para kriya, padha dibuwang menyang ing Babil.
10
Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke.
11
Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene:
12
“Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira!”
13
Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong --
14
padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat.
15
Nalika Nabi Yeremia isih dikunjara ana ing plataran pajagan tampa dhawuh saka Sang Yehuwah, mangkene:
16
“Maranana Ebed-Melekh, wong Etiopia iku lan kandhanana: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sanyata, pangandikaningSun tumrap kutha iki bakal Sunleksanani murih cilakane lan ora murih raharjane, lan iku kabeh bakal kelakon ana ing ngarepira ing wektu iku uga.
17
Ing nalika iku uga -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal ngluwari sira lan ora Sunulungake marang tangane wong kang sira wedeni,
18
nanging Ingsun mesthi bakal ngluwari sira; sira ora bakal mati dening pedhang, nyawanira bakal sira rebut kaya rayahan, amarga sira kumandel marang Ingsun. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
← Chapter 38
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 40 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52