bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 18
Jeremiah 18
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 19 →
1
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:
2
“Enggal lungaa menyang omahe kundhi! Ana ing kana sira bakal Sunwedhari pangandikaningSun marang sira.”
3
Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine.
4
Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane.
5
Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
6
“He turune Israel! Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel!
7
Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku.
8
Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.
9
Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.
10
Nanging manawa bangsa iku nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun lan ora ngrungokake marang dhawuhingSun, Ingsun dadine keduwung dene Ingsun bakal ndhatengake kauntungan kang Sunjanjekake marang bangsa iku.
11
Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!
12
Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane! Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.”
13
Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Coba takokna ana ing antarane para bangsa: sapa kang tau krungu prakara kang kaya mangkene iki? Prawan ing Israel wus nglakoni prakara-prakara kang nistha banget!
14
Apa bisa kelakon salju putih arep ngalih saka ing gunung parang Siryon? Mokal yen banyu ing gunung bakal asat, banyu kang seger lan mili!
15
Nanging umatingSun wus lali marang Ingsun, padha ngobong kurban kanggo para dewa kang tanpa guna, padha tiba kesandhung ana ing dalane dhewe-dhewe, yaiku dalan-dalane ing kuna-makuna, lan menggok ing dalan simpangan, yaiku dalan kang ora diwarata.
16
Padha gawe nagarane dadi nistha lan dadi cacadan ing salawase. Saben wong kang liwat padha eneg lan gedheg-gedheg.
17
Ingsun bakal mbuyarake bangsa iki ana ing ngarepe mungsuhe kaya angin saka ing wetan. PengkeraningSun lan dudu wadananingSun kang Sunkatingalake marang wong-wong iku ing dina tibaning bilaine.”
18
Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”
19
Dhuh Sang Yehuwah, mugi karsaa nggatosaken kawula saha midhangetna pasambat kawula!!
20
Kasaenan punapa badhe kawales piawon? Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula! Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka, saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika, supados kauwalna saking bebendu Paduka.
21
Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungaken dhateng ing landheping pedhang! Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah! Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblug sarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan.
22
Kajengipun kepireng panjerit saking ing griyanipun samangsa Paduka dadakan ndhatengaken grombolan rampog, amargi sami ndhudhuk luwangan kangge nyepeng kawula, lan sampun masang kalajiret kangge suku kawula.
23
Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani, sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula. Sampun Paduka apunten kalepatanipun, lan sampun Paduka ruwat dosanipun saking ngarsa Paduka: Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka. Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka!
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52