bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 6
Jeremiah 6
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 7 →
1
He para wong Benyamin padha lumayua ngungsi, saka ing satengahe kutha Yerusalem! Ngunekna kalasangka ana ing Tekoa, ngumbulna kebul kanggo pratandha ana ing Bet-Kerem! Amarga bilai wus ngincer saka ing lor, yaiku karusakan gedhe.
2
Putri ing Sion apa padha karo pangonan kang banget disenengi?
3
Temahan para pangon padha nekani klawan pepanthaning kewane? Padha masang tarub-tarube ana ing sakubenge. Siji-sijine padha mangan apa kang tinemu nganti gusis.
4
“Padha samektaa ing perang nglawan dheweke; payo padha nempuh ing wayah tengange!” “Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang, wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”
5
“Payo, padha mangsah perang ing wayah bengi, lan ngrusak kedhaton-kedhatone!”
6
Amarga pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi mangkene: “Wit-witane padha tegorana lan urugana lemah, dadia tanggul kanggo nglawan Yerusalem! Jer iku kutha kang kudu diukum! Mung panganiaya kang tinemu ana ing kono!
7
Kaya sendhang kang ngluberake banyune, iya mangkono Yerusalem anggone ngwetokake durakane. Ambeksiya lan panganiaya tansah keprungu ana ing kono, tatu lan gebugan tansah Sunpirsani.
8
He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira, lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”
9
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Kekarene wong Israel asagana nganti njlimet, kaya pangasage wit anggur. Balia dadi kaya tukang ngundhuh anggur, klawan tanganira kang methiki woh anggur ing carang-carange!”
10
Marang sapa anggonku kudu kandha lan nglairake paseksen supaya wong banjur padha nggatekake? Kupinge wong-wong mau nyata ora tetakan; wong-wong iku ora bisa ngrungokake! Lah, pangandikane Sang Yehuwah dadi cacadan, ora disenengi.
11
Nanging aku kebak bebendune Sang Yehuwah, nganti kesel anggonku nahanake, kudu ngesokake iku marang bayi ing dedalan, lan marang kumpulane para wong nom-noman. Dadia lanang dadia wadon mesthi padha dicekel, iya kang tuwa, iya kang wus akeh umure.
12
Omah-omahe bakal dadi duweke wong liya, dalasan pategalan-pategalane lan bojo-bojone. “Lah, astaningSun bakal Sunacungake, nglawan wong kang manggon ing nagara kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
13
Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe, panunggalane wong-wong iku, kabeh padha ngudi oleh bathi, dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.
14
Padha nambani tatune umatingSun, iku kaangep entheng, celathune: Tentrem rahayu! Tentrem rahayu! Nanging ora ana tentrem rahayu.
15
Pancene kudu padha rumangsa wirang, amarga padha nindakake kanisthan, nanging babar pisan ora rumangsa isin lan padha ora nyumurupi ing kanisthane. Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk; bakal padha kesandhung lan tiba ing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
16
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasna takokna dalan-dalan kang kuna-kuna, endi kang becik, liwatana, sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman. Nanging wong iku padha ngucap: Aku padha emoh liwat ing kono!
17
Ingsun uga wus ngangkat wong kang padha jaga, dhawuhingSun: “Pada ngrungokna unining kalasangka! Nanging padha mangsuli: Aku padha emoh ngrungokake!
18
Mulane padha rungokna, he para bangsa, lan kawruhana, he pasamuwan, wong iki bakal padha nemahi apa?
19
He bumi, tilingna! Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki, minangka wohing rancangane wong-wong iku, amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSun lan nampik piwulangingSun.
20
Apa paedahe tumrap Ingsun sira nggawa dupa saka Syeba lan tebu kang becik saka ing nagara kang adoh? Ingsun ora karenan marang kurbanira obaran, lan kurbanira sembelehan ora ndadekake keparenging galihingSun.
21
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndekek watu sandhungan ana ing ngarepe bangsa iki, supaya wong iku padha tiba kesandhung ing watu iku, para bapa lan anak-anak, tangga-teparo lan para kancane kabeh bakal padha nemahi tiwas.”
22
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah, ana sawijining bangsa kang bakal teka saka ing tanah lor, ana sawijining suku bangsa kang gedhe kang bakal teka saka ing poncoting bumi.
23
Padha sikep gegaman panah lan tumbak, padha ambeksiya ora duwe rasa welas. Swarane jumlegur kaya sagara, padha nunggang jaran, samekta kaya wong mangsah perang, padha nempuh marang sira, he putri ing Sion!”
24
Aku wus padha krungu wartane, tanganku wus padha jimpe, aku padha ketaman ing sesek, aku padha ngrasakake lara kaya wong wadon nglarani.
25
“Aja padha metu menyang ing ara-ara, lan aja lumaku ana ing dedalan, amarga pedhanging mungsuh ngamuk, pagiris teka saka ing keblat papat!”
26
He putrining bangsaku, padha manganggoa sandhangan bagor lan gulunga ana ing lebu! Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting, nangisa kalawan susah sedhih. Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadak lan nempuh marang sira.
27
Ingsun wus ngangkat sira saka ing antaraning para umatingSun dadi tukang neter, sira kudu ngreti carane niti-priksa, lan kudu neter tindak-tanduke.
28
Wong-wong iku kabeh padha wong kang seneng tumindak duraka, mloka-mlaku mrana-mrene mitenah wong; kabeh padha laku ala!
29
Ububan wis ngempus-empus nanging kang metu saka geni mung timbel, tembaga lan wesi. Ora ana gunane mbesot terus-terusan, nanging para wong duraka ora bisa kapisah.
30
Wong iku aranana salaka buwangan, amarga Sang Yehuwah wus nampik wong iku!
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52