bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 20
Jeremiah 20
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 21 →
1
Pasyhur bin Imer, imam kang ing wektu iku dadi kepalane padalemane Sang Yehuwah, krungu Nabi Yeremia memeca mangkono.
2
Nabi Yeremia nuli disapu lan dibelok ana ing gapura Benyamin, kang ana ing dhuwure padalemane Sang Yehuwah.
3
Nanging esuke bareng Nabi Yeremia diluwari saka ing belokan, banjur ngandika marang Imam Pasyhur mangkene: “Sang Yehuwah bakal nyebut kowe dudu Pasyhur, nanging Pagiris saka ing ngendi-endi.
4
Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndadekake sira dadi pagiris tumrap sira dhewe lan mitra-mitranira kabeh; mitra-mitranira bakal padha mati ambruk dening pedhanging mungsuh ana ing ngarepira dhewe. Apadene Yehuda kabeh bakal Sunulungake ing tangane ratu ing Babil, banjur padha diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil lan dipateni kalawan pedhang.
5
Uga kasugihane kutha iki, oleh-olehaning rekasane kabeh, samubarang kang pangaji lan raja-branane para raja ing Yehuda bakal Sunulungake marang tanganing mungsuhe, kang njarah-rayah, nglumpukake lan mbandhang iku kabeh menyang Babil.
6
Dene mungguh sira dhewe, he Pasyhur dalah saisine omahira, sira bakal diangkat dadi tawanan, sira bakal teka ing Babil lan bakal mati ana ing kana sarta bakal dikubur ana ing kana; iya sira lan para mitranira kabeh kang padha kokwedhari pameca kang goroh.”
7
Dhuh Sang Yehuwah, Paduka ingkang ngarih-arih kawula lan kawula sampun purun kaarih-arih; Paduka punika rosa sanget tumrap kawula, Paduka nunten nelukaken kawula. Kawula dados gegujengan sadinten muput, sadayanipun sami moyoki kawula.
8
Amargi saben kawula wicanten, kapeksa mbengkok, kedah alok-alok: “Ambeksiya! Paniksa!” Amargi pangandikanipun Sang Yehuwah dados cacadan lan pamoyok tumraping kawula, sadinten muput.
9
Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.
10
Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah: “Pagiris teka saka ing ngendi-endi! Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!” Kanca-kanca kenthel kawula piyambak sami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah: “Bokmanawa dheweke kena diglembuk, temah bisa kita kalahake, lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”
11
Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawula kados sang prawira ingkang prakosa, pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah, lan boten saged nindakaken punapa-punapa. Sami badhe nandhang wirang sanget, amargi sami boten angsal damel; punika badhe dados kawirangan, ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!
12
Dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados, ingkang ndadar tiyang ingkang leres, sarta nguningani batos lan manah, keparenga kawula nyipati pamales Paduka dhateng para tiyang punika, amargi prakawis punika sampun kawula pasrahaken dhumateng Paduka.
13
Ngidunga kagem Sang Yehuwah, ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah! Amarga Panjenengane wus ngluwari nyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala.
14
Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku! Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku!
15
Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabar marang bapakku, mangkene: “Panjenengan kaparingan putra kakung!”, kang njalari panjenengane rena banget.
16
Dina iku dadia kaya kutha-kutha, kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma! Muga keprungua pasambat ing wayah esuk, lan swara gumeder ing wayah tengange!
17
Amarga dina iku ora mateni aku, nalika aku ana ing kandhutan, temah ibuku dadi kuburanku lan mbobot ing salawase!
18
Yagene aku kok lair saka ing kandhutan, nyawang kasusahan lan prihatin, temah dina-dinaning uripku liwat klawan wirang?
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 21 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52