bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 21
Jeremiah 21
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 22 →
1
Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Zedhekia ngutus Imam Pasyhur bin Malkia lan Imam Zefanya bin Maaseya, kanthi wineling mangkene:
2
“Panjenengan mugi karsaa neges dhumateng Sang Yehuwah, amargi Sang Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil nempuh perang! Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nindakaken tumrap kula sami kadosdene kaelokan ingkang sampun kalampahan, temah Sang Prabu Nebukadnezar wau mundur nilar kula.”
3
Pangandikane Nabi Yeremia marang para utusan mau: “Munjuka marang Sang Prabu Zedhekia mangkene:
4
Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel makaten: Lah Ingsun bakal malik gegamane perang kang sira cekel iku, lan sira anggo nanggulangi perange raja ing Babil lan para wong ing Kasdim, kang ngepung ing sajabaning balowarti: Ingsun bakal nglumpukake gegamane iku ana ing jero kutha iki.
5
Ingsun piyambak bakal perang nglawan marang sira kalawan ngayatake asta, lan bau kang rosa, klawan deduka, sarta bentering bebendu lan bramantya.
6
Ingsun bakal ndhawahake wewelak marang isine kutha iki, iya manungsa iya kewan, bakal padha mati dening pageblug kang ngebat-ebati.
7
Sawuse iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura.
8
Nanging para kawula ing kene padha sira warahana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun nedahake marganing urip lan pati.
9
Sing sapa tetep manggon ana ing kutha kene, bakal mati dening pedhang, paceklik lan pageblug, nanging sing sapa metu saka ing kene lan teluk marang ing Kasdim, kang ngepung sira, iku bakal urip; nyawane bakal kanggo rayahan kanggo para wong iku.
10
Amarga Ingsun wus nglawan kutha iki sarana ndhatengake bilai, lan ora marakake kabegjane; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Kutha iki bakal Sunulungake marang ing tangane raja ing Babil, kang bakal ngobong kutha iki nganti entek.”
11
Katur dhumateng brayatipun Sang Nata ing Yehuda. Sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah:
12
“He para tedhak turune Dawud, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Saben esuk nindakna putusan kang adil, lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya, supaya mulad-mulading bebenduningSun aja nganti nyamber kaya geni, sarta makantar-kantar, ora ana kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!
13
Lah, Ingsun bakal dadi mungsuhira, he kutha kang ana ing lebak, gunung parang kang ana ing tanah ngare, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: He sira kang muni: “Sapa kang wani ngudhuni aku lan sapa kang bisa lumebu ing pasingidanku?
14
Ingsun bakal ndhawahake piwales marang sira, kang timbang karo wohing panggawenira, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngurubake geni ana ing alase, kang bakal mangsa samubarang ing sakiwa-tengene nganti entek.”
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52