bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Jeremiah 43
Jeremiah 43
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 44 →
1
Bareng Nabi Yeremia wus rampung anggone nglantarake marang rakyat kabeh sakehing pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kang marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kapratelakake marang para wong iku, yaiku: sakehing pangandika kang kasebut ing dhuwur,
2
Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora! Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana,
3
nanging Barukh bin Neria ingkang ngojok-ojoki panjenengan supados ngandika makaten dhateng kula, kanthi sedya badhe masrahaken kula dhateng ing tanganipun tiyang Kasdim ingkang lajeng badhe mejahi kula, punapadene ngangkataken kula dados tiyang tawanan dhateng Babil.”
4
Sang Yohanan bin Kareah lan sakehing prawiraning wadya-bala lan rakyat kabeh padha lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, supaya tetepa manggon ana ing tanah Yehuda.
5
Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala nuli nglumpukake kekarene sakehing wong Yehuda, yaiku sakehing wong kang wus mulih saka ing antarane para bangsa, panggonane anggone padha pating slebar, kang banjur arep manggon ana ing tanah Yehuda,
6
para wong lanang, para wong wadon, bocah-bocah para putrane putri Sang Prabu lan sadhengah wong kang padha ditinggal dening Nebuzaradan, panggedhening bala pengawal, kanggo Gedalya bin Ahikam bin Safan; mangkono uga Nabi Yeremia lan Barukh bin Neria.
7
Banjur padha budhal menyang ing tanah Mesir, amarga padha ora gelem ngrungokake marang sabdane Sang Yehuwah. Lakune wus tekan ing Takhpanhes.
8
Ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ana ing Takhpanhes mangkene:
9
“Njupuka watu kang gedhe-gedhe lan pendhemen ana ing lemah lempung sacedhake gapura kadhatone Sang Pringon ing Takhpanhes, ana ing ngarepe para wong Yehuda iku,
10
banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono.
11
Lan samangsa iku teka, bakal nggepuk tanah Mesir: Sing marani pati, maranana pati! Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan! Sing marani pedhang, maranana pedhang!
12
Dheweke bakal ngurubake geni ana ing kabuyutane para allah ing Mesir lan bakal ngobong utawa ngangkuti iku dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing tanah Mesir kayadene para pangon anggone metani sandhangane, nuli bakal lunga saka kono tanpa alangan.
13
Dheweke bakal ngrusak tugu-tuguning brahala Betsyemes kang ana ing Mesir lan bakal ngobongi kabuyutane para allahe Mesir iku.”
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 44 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52