bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 10
Ezekiel 10
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 11 →
1
Aku terus weruh ing sak nduwuré pentèngan langit sing mayungi sirahé para kerup ing nduwuré ana sing kaya dampar, kétok kaya watu-watu diaman.
2
Sing nganggo mori mau terus diomongi mengkéné: “Kowé mlebua ing sak ngisoré kerup sangka antarané glindingan-glindingan, njukuka karo tanganmu mawa murup sangka sak tengahé kerup kuwi lan sawurna ing sak nduwuré kuta kuwi.” Aku terus weruh wong mau mlebu.
3
Kerup mau pada ngadek ing sak kidulé griya sutyi, waktu wong mau mlebu ing sak tengahé glindingan-glindingan lan plataran ing njeruh ketutupan karo mendung.
4
Ing waktu kuwi kamulyané GUSTI munggah sangka sak nduwuré kerup lan ngalih ing undak-undakané lawangé griya sutyi lan griya sutyi kuwi kebak karo mendung lan platarané kebak semloroté kamulyané GUSTI.
5
Swarané swiwiné kerup kuwi dikrungu nganti tekan plataran ing njaba kaya swarané Gusti Allah sing Mahakwasa yèn ngomong.
6
Wong sing nganggo mori mau dikongkon mengkéné: “Kowé njupuka geni sangka sak tengahé glindingan-glindingan, ing sak tengahé kerup iki!” Sing nganggo mori terus budal lan ngadek ing sandingé salah sijiné glindingan kuwi.
7
Terus kerup sing siji ngelungké tangané sangka sak tengahé para kerup marang geni ing sak tengahé, dijukuk setitik didèkèkké ing tangané sing nganggo mori. Wong iki nampani terus lunga.
8
Kerup-kerup kuwi kétok nduwèni kaya tangané manungsa ing sak ngisoré swiwiné.
9
Aku weruh sandingé kerup-kerup kuwi ana glindingan papat, saben kerup ing sandingé ana glindingané siji, lan glindingan-glindingan kuwi kétok gemebyar kaya watu-watu pirus.
10
Kétoké papat kabèh kuwi pada, kaya glindingan sing siji manggon ing sak tengahé glindingan sijiné.
11
Yèn ngglinding bisa nuju ing patang panggonan, ora nganggo mingar minger mlakuné, awit menyang ngendi parané glindingan sing ngarep, glindingan liyané pada ngetutké, tanpa mingar minger mlakuné.
12
Awaké kerup sekujur, gegeré, tangané, swiwiné lan glindingané papat pisan kebak mripat mubeng.
13
Sak krunguku glindingan-glindingan kuwi jenengé ‘glindingan mubeng’.
14
Siji-sijiné kanggonan praupan papat: kaping pisan praupan kerup, kaping pindo praupan manungsa, kaping telu praupan singa lan kaping papaté praupan garuda.
15
Kerup mau terus pada mumbul. Kuwi makluk sing urip sing dèk mbiyèn tak deleng ing pinggir kali Kebar.
16
Yèn kerup kuwi mlaku, glindingan-glindingan ya ngglinding ing sandingé, yèn kerup kuwi megarké swiwiné arep mabur sangka lemah, glindingan-glindingan mau ya ora obah sangka sandingé.
17
Yèn kerup mau pada lèrèn, glindingan-glindingan ya lèrèn; yèn kerup kuwi pada mumbul, glindingané ya mèlu mumbul, awit rohé makluk sing pada urip kuwi manggon ing glindingan-glindingan kono.
18
Kamulyané GUSTI terus lunga sangka ngarepé lawangé griya sutyi lan ngalih ing sak nduwuré kerup.
19
Kerup-kerup kuwi pada megarké swiwiné lan waktu lungané aku weruh, kuwi pada mumbul sangka lemah bebarengan karo glindingan-glindingan. Terus pada lèrèn ing sak tyedaké lawangé gapurané griya sutyiné GUSTI ing sisih wétan lan kamulyané Gusti Allahé Israèl ing sak nduwuré.
20
Ya kuwi makluk-makluk urip sing dèk mbiyèn tak deleng ing sak ngisoré Gusti Allahé Israèl ing pinggir kali Kebar. Lan aku ngerti, yèn kuwi kerup.
21
Siji-sijiné ana praupané papat lan ing sak ngisoré swiwiné ana sing modèlé kaya tangané manungsa.
22
Kétoké praupané tyotyok karo sing tak deleng ing pinggir kali Kebar. Kabèh mlakuné pada terus kentyeng manut sing ngarep.
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48