bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 48
Ezekiel 48
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 47
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
1
Iki jenengé taler-taleré mau: Sing sangka lor déwé: wiwit ing segara, terus, ngliwati Hètlon, tekan panggonan mlebuné dalan menyang Hamat, Hasar-Enan, mulané panggonané kuta Damaskus, sing tyedak karo Hamat, ing sisih loré; wiwit tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi bagéané Dan.
2
Adu wates karo panggonané Dan, sangka tapel watesé wétan nganti tapel watesé kulon, kuwi bagéané Asyèra.
3
Adu wates karo panggonané Asyèra, sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi bagéané Naftali.
4
Adu wates karo panggonané Naftali, sangka tapel watesé wétan nganti tapel watesé kulon, kuwi bagéané Manasé.
5
Adu wates karo panggonané Manasé, sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi panggonané Efraim.
6
Adu wates karo panggonané Efraim, sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi bagéané Rubèn.
7
Adu wates karo panggonané Rubèn, wiwit sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, kuwi bagéané Yéhuda.
8
Adu wates karo panggonané Yéhuda, wiwit sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, ing kono ana pisungsung, sing kudu kok dèwèkké, ya kuwi sing ambané 25.000 éluh, lan dawané pada karo dawané sak bagéan, ya kuwi wiwit sangka tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon, lan ing sak tengahé kono kanggo panggonan sutyi.
9
Pérangan pisungsung sing kudu kok dèwèkké kanggo GUSTI kuwi dawané 25.000 éluh lan ambané 20.000 éluh.
10
Pisungsung sing sutyi kuwi kanggo para imam: ing sisih lor lan kidul dawané 25.000 éluh, nanging ambané ing sisih wétan lan kulon 10.000 éluh. Panggonan sutyi kanggo GUSTI manggon ing tengahé.
11
Ya iki bagéan imam-imam sing wis disutyèkké, ya kuwi para turunané Sadok, sing nglakoni kuwajipané kanggo Aku lan sing ora mèlu nandangi nyasar ing sak jeruné durakané wong Israèl, ya kuwi para wong Lèwi.
12
Iki panggonané tanah sing wis didèwèkké, sing disediakké kanggo wong-wong mau, sing adu wates karo bagéané para wong Lèwi. Iki bab sing Mahasutyi.
13
Bagéané para wong Lèwi jèjèr karo panggonané para imam, dawané 25.000 éluh lan ambané 10.000 éluh. Dadi gunggungé: dawané 25.000 éluh, ambané 20.000 éluh.
14
Kuwi setitik waé ora kena didol utawa diijoli, lan panggonan kuwi panggonané sing betyik déwé ora kena dikèkké marang wong liyané, awit kuwi sutyi kanggo GUSTI.
15
Turahané ambané, ya kuwi ijik 5000 éluh, sing adu wates karo sing 25.000 éluh, kuwi ora sutyi, kuwi kanggo keperluané kuta, dienggoni lan kanggo kebon.
16
Nanging ukurané mengkéné: sisih lor lan kidul 4500 éluh, sisih wétan lan kulon uga 4500 éluh.
17
Ing sak ubengé kuta kuwi ana ara-arané, sisih lor lan kidul 250 éluh, lan sisih wétan lan kulon uga 250 éluh.
18
Turahané dawané, sing jèjèr karo pisungsung sing sutyi kuwi, sisih wétan 10.000 éluh, sisih kulon 10.000 éluh, nanging pametuné dadi pangané para sing nyambutgawé ing kuta kono.
19
Wong-wong iki, sing asal-usulé sangka taler-taleré Israèl kabèh, kuwi sing bakal nggarap lemah mau.
20
Pisungsung kuwi jembaré kabèh ana 25.000 éluh kaping 25.000 éluh. Kuwi ndèwèkna sing kanggo pisungsung sing sutyi uga panggonané kuta kuwi rupa pesagi.
21
Sak luwihé mau kuwi duwèké ratu, ya kuwi ing wétané lan ing kuloné pisungsung sing sutyi lan panggonané kuta kuwi, uga adu wates karo sing 25.000 éluh kuwi, mengétan nganti tekan tapel watesé wétan lan mengulon nganti tekan tapel watesé kulon lan jèjèr karo panggonané taler-taleré liyané, kuwi kanggo ratu. Pisungsung sing sutyi lan griya sutyi manggon ing tengahé panggonan kono.
22
Kejaba duwèké para wong Lèwi lan duwèké kuta kuwi - sing manggon ing tengahé panggonané ratu mau - sing diapit karo panggonané Yéhuda lan Bényamin, kuwi kanggo ratu.
23
Nanging kanggo taler-taleré liyané: wiwit ing tapel watesé wétan tekan tapel watesé kulon kuwi kanggo Bényamin.
24
Adu wates karo panggonané Bényamin, wiwit ing tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon kuwi kanggo Siméon.
25
Adu wates karo panggonané Siméon wiwit ing tapel watesé wétan nganti tekan tapel watesé kulon kuwi kanggo Isakar.
26
Adu wates karo panggonané Isakar, wiwit ing tapel watesé wétan tekan tapel watesé kulon, kuwi kanggo Sébulon.
27
Adu wates karo panggonané Sébulon, wiwit ing tapel watesé wétan tekan tapel watesé kulon, kuwi kanggo Gad.
28
Tapel watesé panggonané Gad kuwi ing sisih kidul wiwit sangka Tamar nganti tekan kali Egipte, terus tekan segara Gedé.
29
Ya iki negara sing kudu kok edum-edum dadi tanah panduman ing antarané taler-taleré Israèl lan kuwi bagéan-bagéané. Mengkono tembungé Gusti GUSTI.”
30
“Iki lawang-lawangé metu kuta kuwi: ing sisih lor, ukurané 4500 éluh,
31
ana gapurané telu, gapura Rubèn, gapura Yéhuda lan gapura Lèwi - awit gapura-gapura kuta kuwi dijenengaké miturut jeneng-jenengé taler-taleré Israèl—.
32
Ing sisih wétan ukurané 4500 éluh, ana gapurané telu, kuwi gapura Yosèf, gapura Bényamin lan gapura Dan.
33
Ing sisih kidul, ukurané 4500 éluh, uga ana gapurané telu, kuwi gapura Siméon, gapura Isakar lan gapura Sébulon.
34
Ing sisih kulon sing ukurané 4500 éluh, uga ana gapurané telu, kuwi gapura Gad, gapura Asyèra lan gapura Naftali.
35
Dadi mubengé kuta kuwi ana 18.000 éluh. Wiwit waktu kuwi jenengé kuta kuwi: GUSTI ing kono.”
← Chapter 47
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48