bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 40
Ezekiel 40
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 41 →
1
Ing taun sing kaping selawé sakwisé kita pada dibuwang ya kuwi ing wiwitan taun, ing tanggal sepuluh sasi kuwi, ing taun sing kaping patbelas sakwisé kuta kuwi dikalahké, ing dina kuwi uga pangwasané GUSTI ngwasani aku, aku digawa
2
menyang negara Israèl ing sak njeruhné wahyuné Gusti Allah lan aku dipapanaké ing gunung sing duwur banget. Ing nduwur kono ing ngarepku ana rupa-rupané kaya kuta.
3
Aku terus digawa mrana. Terus ana sakwijiné wong lanang sing kétok kaya tembaga, tangané nyekel tali lenan lan teken; wong lanang kuwi ngadek ing gapura.
4
Wongé terus ngomong marang aku: “Hé, anaké manungsa, delengen karo tliti, rungokna lan gatèkna sing tenan samubarang kabèh sing bakal tak duduhké marang kowé; awit ya kuwi perluné enggonmu digawa mréné, ya kuwi supaya aku nduduhké kuwi kabèh marang kowé. Kabèh sing kok deleng iki tyeritakna marang turunané Israèl.”
5
Lan ing sak njabané griya ana témboké mubeng ngubengi griya kuwi. Tangané wong lanang mau nyekel teken ukuran, sing dawané nem éluh ing kéné pada karo éluh lumrah luwih sak èpèk-èpèk tangan. Wong lanang mau terus ngukur témboké, kandelé sak teken lan duwuré sak teken.
6
Bareng teka ing gapura sing madep mengétan, terus munggah ing undak-undakané lan ngukur ngarepé gapura ketemu ambané sak teken.
7
Terus ngukur kamar penjagan, dawané sak teken, ambané sak teken, nanging leté kamar penjagan siji lan sijiné ana limang éluh. Ngarepé lawangé gapura ing sisih njeruh, sing tyedak karo kamaré gapura kuwi sak teken.
8
Terus ngukur kamaré gapura: wolung éluh,
9
lan kabèh témboké rong éluh; kamar kuwi ing sisih njeruh.
10
Ing sak kiwa-tengené gapura sisih wétan mau ana kamaré penjagan telu-telu sing ukurané pada, nanging tyagaké témbok ing sisih loro-loroné ukurané ya pada.
11
Terus ngukur bolongané gapura: ambané sisih njeruh sepuluh éluh lan ambané sisih njaba telulas éluh.
12
Pérangané ngarep kamar-kamar penjagan mau sisih kiwa tengen ana témboké let-leté, ambané sak éluh. Nanging ukurané kamar penjagan kuwi malang-mujuré enem éluh.
13
Terus ngukur gapura, wiwit payon kamar penjagan sing siji tekan payon mburi kamar penjagan sijiné, ngliwati lawangé let-leté loro-loroné: ambané selawé éluh.
14
Kamaré gapura uga diukur: rong puluh éluh; ing sak ubengé kamar kuwi ana platarané.
15
Wiwit ngarep gapura njaba nganti tekan kamar sisih njeruh: sèket éluh.
16
Ing sak ubengé gapura kuwi ing pérangan njeruh ana tyendéla-tyendélané karo kayu ditumpuk, ya kuwi ing kamar-kamar penjagan lan ing témbok-témboké, mengkono uga ing kamaré gapura. Tyagak-tyagaké témbok karo gambar wit kurma ukir-ukiran.
17
Aku terus digawa ing plataran njaba lan ing sak ubengé plataran kono ana kamar-kamaré, gunggungé telung puluh. Lan kamar-kamar kuwi ing sak nduwuré jogan watu.
18
Jogan watu kuwi ing sak kiwa-tengené gapura, tyotyok karo dawané gapura. Kuwi jogan watu ing ngisor.
19
Ambané plataran mau terus diukur wiwit sangka sisih njeruhné gapura ngisor nganti tekan sisih njabané gapura njeruh: 100 éluh. Piyambaké terus mlaku ing ngarepku ngalor
20
lan ing kono ana gapura sing madep ngalor, ing plataran njaba. Amba-dawané terus diukur.
21
Kamaré penjagan telu sisih kéné lan telu sisih kana, tyagak-tyagaké témbok lan kamaré gapura ukurané pada karo gapura kaping pisan: dawané sèket éluh lan ambané selawé éluh.
22
Tyendéla-tyendélané, kamaré gapura lan gambar-gambaré wit kurma ukurané uga pada karo gapura sing madep mengétan. Wong bisané munggah mrana ngliwati undak-undakan pitu, nanging kamaré gapura ing sisih njeruh.
23
Ing plataran njeruh ana gapurané sing adep-adepan karo gapura lor, kaya gapura wétan; piyambaké terus ngukur wiwit gapura sing siji tekan gapura ngarepé: 100 éluh.
24
Sakwisé mengkono aku terus digawa ngidul, ing kono ana gapura sing madep ngidul; kamar-kamaré penjagan, tyagak-tyagaké témboké lan kamar-kamaré gapurané terus diukur, ukurané pada waé karo liyané.
25
Ing sak ubengé gapura kono lan ing kamaré gapurané ana tyendéla-tyendélané, sing pada karo liyané; gapura kuwi dawané sèket éluh lan ambané selawé éluh.
26
Undak-undakané mrana ana pitu, nanging kamaré gapura ing sisih njeruh. Gapura kuwi ing tyagak-tyagaké témboké, uga ana gambaré wit kurma ukir-ukiran, ing sisih kéné sak uwit ing sisih kana sak uwit.
27
Ing pérangané plataran njeruh sisih kidul uga ana gapurané. Piyambaké terus ngukur wiwit gapura sing siji tekan gapura ngarepé ing sisih kidul: 100 éluh.
28
Aku terus digawa menyang plataran njeruh ngliwati gapura kidul lan piyambaké terus ngukur gapura kuwi, ukurané pada waé karo liyané.
29
Kamar-kamaré penjagan, tyagak-tyagaké témboké lan kamaré gapura ukurané pada waé karo liyané. Ing sak ubengé gapura mau lan ing kamaré gapurané ana tyendéla-tyendélané; dawané gapura kuwi sèket éluh nanging ambané selawé éluh. -
30
Ing sak ubengé ana kamar-kamaré, dawané selawé éluh lan ambané limang éluh. -
31
Kamaré ing plataran njaba lan ing tyagak-tyagaké témboké ana gambaré wit kurma ukir-ukiran, nanging undak-undakané munggah ana wolu.
32
Aku terus digawa menyang plataran njeruh sisih wétan lan piyambaké terus ngukur gapura ing kono, kedadian ukurané pada waé karo liyané.
33
Kamar-kamaré penjagan, tyagak-tyagaké témbok lan kamaré gapura ukurané pada waé karo liyané. Ing sak ubengé gapura lan kamaré ana jendélané; gapura kuwi dawané sèket éluh lan ambané selawé éluh.
34
Kamaré ing plataran njaba lan ing tyagak-tyagaké témboké ana gambaré wit kurma ukir-ukiran, manggon ing sisih kéné lan ing sisih kanané, nanging undak-undakané munggah ana wolu.
35
Aku terus digawa menyang gapura lor, gapura iki terus diukur, kedadian pada waé karo liyané.
36
Kamar-kamaré penjagan, tyagak-tyagaké témboké lan kamaré ukurané pada waé karo liyané lan ing sak ubengé ana tyendéla-tyendélané; gapura kuwi dawané sèket éluh, ambané selawé éluh.
37
Kamaré ing plataran njaba lan ing tyagak-tyagaké témboké ana gambaré wit kurma ukir-ukiran, ing sisih kéné lan ing sisih kana, nanging undak-undakané munggah ana wolu.
38
Ing kono uga ana kamaré siji, sing lawangé ing kamar, kuwi panggonan kanggo ngumbah kurban obongan.
39
Ing sak njeruhné kamar kono ing sisih kéné ana méjané loro, kuwi kanggo mbelèh kurban obongan, kurban ngluwari dosa lan kurban denda.
40
Ing sisih kiwané kamar sisih njaba ana méjané loro, lan ing sisih tengené kamar kuwi uga ana méjané loro.
41
Dadi ing gapura kono ing sisih kiwa lan ing sisih tengené ana méjané papat-papat, kabèhé ana wolu; kuwi kanggo mbelèh kurban.
42
Uga ana méjané papat menèh kanggo kurban obongan, sing digawé sangka watu tatahan. Dawané siji setengah éluh, ambané siji setengah éluh lan duwuré sak éluh. Kuwi kanggo ndèkèk piranti mbelèh kurban obongan lan kurban sing dibelèh.
43
Ing sak ubengé kamar kono ana tyantèlan-tyantèlané sing dawané sak èpèk-èpèk tangan; lan méja-méja kuwi kanggo nyèlèhké daging kurban.
44
Aku terus digawa menyang plataran njeruh, ing kono ana kamaré loro, sing siji ing sandingé gapura lor, madep ngidul, sijiné sandingé gapura kidul, madep ngalor.
45
Aku terus diomongi mengkéné: “Kamar sing madep ngidul iki panggonané para imam sing nindakké kuwajipané ing griya sutyi,
46
lan kamar sing madep ngalor kuwi panggonané para imam sing nindakké kuwajipané ing mesbèh. Kuwi kabèh turunané Sadok lan ya mung golongan iki sangka tunggalé turunané Lèwi sing dililani tyedak karo GUSTI perlu nganakké pangabekti.”
47
Plataran njeruh terus diukur: kuwi pesagi, dawané 100 éluh, ambané uga 100 éluh; mesbèhé ing ngarepé griya sutyi.
48
Aku terus digawa menyang kamaré griya sutyi, lan piyambaké terus ngukur tyagak-tyagaké témboké: kandelé ing sisih kéné limang éluh ing sisih kana uga limang éluh, ambané lawangé patbelas éluh, nanging témboké ing sandingé telung éluh.
49
Griya sutyi kuwi dawané rong puluh éluh, ambané rolas éluh. Wong sing munggah mrana ngliwati undak-undakan sepuluh lan sak tyedaké tyagaké témbok loro-loroné ana tyagaké menèh loro, ing sisih kéné siji ing sisih kana uga siji.
← Chapter 39
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 41 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48