bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 41
Ezekiel 41
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 40
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 42 →
1
Aku terus digawa ing sak njeruhné kamar gedé ing griya sutyi kono lan Panjenengané ngukur tyagaké témboké: kandelé ing sisih kéné enem éluh, ing sisih kana uga enem éluh.
2
Ambané lawangé sepuluh éluh lan ambané témbok sandingé ing sisih kéné limang éluh, ing sisih kana uga limang éluh. Dawané kamar gedé ya diukur; patang puluh éluh, nanging ambané rong puluh éluh.
3
Panjenengané terus mlebu ing kamar njeruh. Tyagaké témboké terus diukur: kandelé rong éluh, nanging ambané lawangé déwé: enem éluh, lan témbok ing sandingé ing sisih kéné pitung éluh, ing sisih kana pitung éluh.
4
Terus ngukur kamar njeruh mau, dawané rong puluh éluh, ambané rong puluh éluh pada karo ambané kamar gedé. Aku terus diomongi mengkéné: “Iki panggonan Mahasutyi.”
5
Panjenengané terus ngukur témbok ing griya sutyi kuwi: kandelé enem éluh lan ambané kamar tambahan sing ketemu ing sak ubengé griya sutyi mau, patang éluh.
6
Kamar-kamar tambahan iki susun telu lan saben larik kamaré telung puluh. Ing sak ubengé griya sutyi témboké ana balok-baloké sing diedeki kamar-kamar tambahan mau, supaya pada dadi kuwat, awit kamar-kamar mau ora digandèngké karo témboké griya sutyi.
7
Sak terusé kamar-kamar tambahan mau wiwit ing larikan ngisor nganti larikan sing kaping telu, mundak gedé mundak gedé, tyotyok karo balok-baloké sing munggah ya mundak amba ing larikan ing nduwur ngliwati larikan tengah.
8
Ing sak weruhku dasaré griya sutyi luwih duwur tenimbangané ing sak ubengé. Dasaré kamar-kamar tambahan kuwi ukurané sak teken tyotyok, dadi duwuré enem éluh.
9
Kamar tambahan kuwi témboké sing njaba kandelé limang éluh, pérangané dasaré griya sutyi sing ora ana apa-apané kuwi ambané limang éluh. Ing antarané dasaré gedong-gedong lan
10
kamar-kamar leté rong puluh éluh, kuwi ing sak ubengé griya sutyi kabèh.
11
Lan lawang-lawang ing kamar tambahan, sing metuné tekan pérangan sing ora kanggo apa-apa, siji ing sisih kidul. Nanging ambané panggonan sing ora kanggo apa-apa kuwi limang éluh mubeng.
12
Gedong ing plataran tutupan ing sisih kulon ambané pitung puluh éluh, nanging témboké mubeng kandelé limang éluh lan dawané sangang puluh éluh.
13
Piyambaké terus ngukur griya sutyi mau: dawané 100 éluh, nanging plataran tutupan karo gedongé lan témboké uga 100 éluh;
14
mengkono uga ambané sisih ngarep griya sutyi karo plataran tutupan ing sisih wétan ya 100 éluh.
15
Sakwisé mengkono Piyambaké terus ngukur dawané gedong ing plataran tutupan ing sisih kulon karo èmpèr-èmpèré ing sisih kiwa-tengené, kuwi ana 100 éluh. Kamar-kamar gedé, kamar njeruh lan pendapané
16
ketutupan karo kayu lan ing sak ubengé kamar telu kuwi ana tyendéla-tyendélané sing karo geber, èmpèré uga ana. Ing ngarepé undak-undakané griya sutyi kuwi kabèh ketutupan kayu wiwit ing jogané nganti tekan tyendéla-tyendélané. - Tyendéla-tyendélané kuwi pada ketutupan -
17
Malah nganti tekan sak nduwuré lawang lan kamar njeruh lan uga ing njaba. Témboké pérangan njeruh lan pérangan njaba kabèh
18
digambari karo gambar-gambaré kerup lan wit kurma ukir-ukiran, ing antarané kerup loro wité kurma sak uwit, lan kerup kuwi praupané loro,
19
sing siji rupa praupan manungsa, sijiné praupané singa sing madep marang wit kurma; kaya mengkono kuwi enggoné griya sutyi mau digawé.
20
Wiwit ing jogané nganti tekan sak nduwuré lawang témboké digambari karo kerup lan wit kurma ukir-ukiran.
21
Tyagak-tyagaké lawangé kamar-kamar gedé pesagi. Lan ing ngarepé panggonan Sutyi kétok ana rupané sing kaya mesbèh kayu,
22
duwuré telung éluh, dawané rong éluh; pojok-pojoké lan dasaré lan gedèk-gedèkké sing digawé kayu. Piyambaké terus ngomong marang aku: “Iki méja ing ngarepé GUSTI.”
23
Kamar-kamar gedé kuwi lawangé loro lan panggonan Mahasutyi
24
lawangé uga loro: Ing lawang-lawang kono ana lawang-lawangé loro sing bisa mubeng; loro ing lawang sing siji lan loro ing lawang sijiné.
25
Lawang-lawang iki, ya kuwi lawang-lawangé kamar-kamar gedé, digambari karo kerup lan wit kurma ukir-ukiran kaya témbok-témboké. Ing ngarepé griya sutyi mau, ya kuwi ing njaba ana undak-undakané kayu.
26
Ing témbok sisih kiwa-tengené pendapa ana tyendéla-tyendélané sing karo geber lan wit kurma ukir-ukiran.
← Chapter 40
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 42 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48