bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 47
Ezekiel 47
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 46
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 48 →
1
Aku terus digawa bali nang lawangé griya sutyi, ing kono ana banyu sing mili metu sangka sak ngisoré tlundakané lawangé griya sutyi kuwi, lan iliné mengétan, awit griya sutyi kuwi uga madep mengétan; nanging iliné banyu mau sangka sak ngisoré pérangané griya sutyi ing sisih tengen, ing sak kidulé mesbèh.
2
Aku terus dituntun metu ngliwati gapura lor lan aku digawa mubeng-mubeng sangka njaba nang gapura njaba sing madep mengétan, lan banyuné kuwi metu sangka sisih kidul.
3
Wong lanang mau terus lunga mengétan karo nggawa tali ukuran; piyambaké ngukur 1000 éluh lan terus ngongkon marang aku supaya nyemplung ing banyu kono, njeruhné banyu sak polok.
4
Piyambaké ngukur 1000 éluh menèh lan ngongkon marang aku supaya nyemplung menèh, saiki jeruné wis sak dengkul; piyambaké terus ngukur 1000 éluh menèh lan ngongkon marang aku supaya nyemplung menèh, saiki jeruné wis sak bangkèkan.
5
Panjenengané ngukur sepisan menèh 1000 éluh, saiki banyu kuwi wis dadi kali, aku ora bisa mlaku menèh ing kono, awit banyuné wis mundak duwur, terus wong bisa nglangi. Kali sing wis ora kena disabrangi menèh.
6
Aku terus diomongi: “Hé, anaké manungsa, apa kuwi wis kok deleng?” Aku terus digawa bali metu ing uruté pinggir kali.
7
Sak jeruné mlaku bali kuwi, ing pinggiré kali kiwa tengen ana wit-witané okèh.
8
Piyambaké ngomong marang aku: “Kali iki mili nang panggonan wétan, lan medun menyang Araba-Yordan, lan mbludak menyang segara Asin; banyuné sing asin banget kuwi terus dadi tawa,
9
terus menyang ngendi waé iliné kali kuwi, kabèh makluk sing urip sing kemroyok ing kono bakal urip. Iwaké bakal dadi okèh, awit menyang ngendi waé parané banyu kuwi, ing kono banyuné segara terus dadi tawa, lan menyang ngendi waé iliné kali kuwi, samubarang kabèh ing kono bakal urip.
10
Mulané ing sak uruté pinggir kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan En-Eglaim kebak wong sing pada golèk iwak; bawah kono terus dadi panggonan mépé jala lan ing kali kono ana iwaké werna-werna, kaya iwak-iwak ing segara gedé, okèh banget.
11
Nanging kalèn-kalèné lan rawa-rawané ora dadi tawa, kuwi dadi panggonan njupuk uyah.
12
Ing pinggiré kali kiwa tengen ana wité wowohan werna-werna, sing godongé ora alum lan wohé ora entèk-entèk; saben sasi woh menèh, awit wit-witan kuwi olèh banyu sangka panggonan sing sutyi kuwi. Wohé bakal dadi pangan, nanging godongé kanggo tamba.”
13
Mengkéné tembungé Gusti GUSTI: “Iki wates-watesé negara sing kudu kok edum-edum dadi tanah pandumanmu ing antarané taleré Israèl rolas, Yosèf nampa rong bagéan.
14
Tanah kuwi kudu kok edum rata, ya kuwi tanah sing karo sumpah Tak janjèkké Tak wènèhaké marang leluhurmu, mulané tanah kuwi dadi tanah pandumanmu.
15
Iki watesé tanah kuwi, ing sisih lor: sangka segara gedé terus, ngliwati Hètlon tekan dalan sing mlebu ing Hamat terus, ngliwati Sédad,
16
Berota, Sibraim, sing manggon ing antarané kuta Damaskus lan panggonané kuta Hamat, terus tekan Hasar-Enan ing panggonané kuta Hauran.
17
Dadi tapel watesé kuwi wiwit ing segara nganti tekan Hasar-Enan, nganti panggonané kuta Damaskus kuwi uga panggonané kuta Hamat ing sak loré. Kuwi ing sisih lor.
18
Ing sisih wétan: wiwit sangka Hasar-Enan ing antarané Hauran lan Damaskus, laut Yordan dadi tapel watesé ing antarané Giléad lan tanah Israèl, terus nuju ing segara Wétan nganti tekan Tamar. Kuwi ing sisih wétan.
19
Ing sisih kidul: tapel watesé wiwit sangka Tamar terus, ngliwati sumber Mériba ing sak tyedaké Kadèsy, terus nganti tekan kali Egipte, terus nganti tekan segara Gedé. Ya kuwi tapel watesé ing sisih kidul, watesé karo Negeb.
20
Ing sisih kulon: segara Gedé dadi tapel watesé nganti tekan panggonan mlebuné dalan menyang Hamat. Kuwi ing sisih kulon.”
21
“Tanah iki sing kudu kok edum ing tengahmu kabèh miturut taler-taleré Israèl.
22
Kuwi kudu kok edum dadi tanah panduman ing tengahmu kabèh lan ing antarané para wong mantya sing pada manggon ing tengahmu, sing pada anak-anak ing sak tengahmu lan kuwi kudu kok rumati pada kaya wong Israèl asli; kuwi ya kudu olèh bagéan tanah panduman ing sak tengahé taler-taleré Israèl.
23
Dadi yèn ing sak tengahé sakwijiné taleré ana wong mantya, kuwi kudu kok wènèhi tanah panduman. Mengkono tembungé Gusti Allah, GUSTI.
← Chapter 46
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 48 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48