bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 42
Ezekiel 42
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 41
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 43 →
1
Aku terus digawa menyang plataran njaba ing sisih lor menyang kamar-kamar sing ngadep plataran tutupan lan adep-adepan karo gedong ing pojok kulon.
2
Dawané gedong kamar-kamar kuwi ing sisih lor 100 éluh nanging ambané sèket éluh.
3
Adep-adepan karo sing rong puluh éluh sangka plataran njeruh lan adep-adepan karo jogan watu ing plataran njaba ana èmpèré adep-adepan susun telu.
4
Ing ngarepé kamar-kamar ana dalan sing mlebu ing gedong, ambané sepuluh éluh lan dawané 100 éluh, nanging lawang-lawangé mlebu ing sisih lor.
5
Kamar-kamar ing nduwur kuwi luwih tyilik tinimbang sing ana ngisor lan ing tengahé gedong mau, awit èmpèr-èmpèré kuwi panggonané luwih amba tenimbangané kamar-kamar kuwi.
6
Awit kamar-kamar kuwi susun telu lan ora nganggo tyagak kaya ing plataran njaba, mulané kamar-kamar nduwur luwih tyilik tenimbangané kamar-kamar ngisor utawa kamar tengah.
7
Ing njaba ana témboké sing pada karo larikané kamar-kamar, panggonané ing sak tyedaké plataran njaba ing ngarepé kamar-kamar; dawané sèket éluh.
8
Nanging dawané larikan kamar-kamar ing pinggir plataran njaba kuwi ya sèket éluh, nanging larikan kamar-kamar sing madep menyang griya sutyi kuwi 100 éluh.
9
Kamar-kamar iki ing ngisor ana lawangé mlebu sangka wétan, ya kuwi yèn wong sangka plataran njaba kepéngin mlebu,
10
nanging panggonané lawang kuwi ing wiwitané témbok njaba. Ing sisih kidul ing ngarepé plataran tutupan lan ing ngarepé gedong ing pojok kulon uga ana kamar-kamaré
11
lan ing ngarepé ana lurungé. Kamar-kamar iki rupané pada karo ing sisih lor, ya dawané lan ambané, ya lawang-lawangé metu, lan rupané pada. Lawang-lawangé mlebu kaya ing sisih lor
12
ya pada karo lawang-lawang mlebu ing kamar-kamar ing sisih kidul. Ing wiwitané dalan ing sisihé témbok uga ana lawangé, ya kuwi lawang sing kanggo wong sing kepéngin mlebu ing kamar sangka wétan.
13
Aku terus diomongi mengkéné: “Kamar-kamar ing sisih lor lan kidul sing ngadep plataran tutupan, kuwi kamar-kamar sutyi, panggonané para imam sing ngadep ing ngarepé GUSTI pada mangan pisungsung sing Mahasutyi. Ing kono kuwi enggoné pada ndèkèk pisungsung sing Mahasutyi, kurban panganan, kurban ngluwari dosa lan kurban denda, awit panggonan kuwi sutyi.
14
Yèn para imam mlebu ing panggonan sutyi, ora bakal metu menyang plataran njaba, sak durungé nyopot sandangan ing kono ya kuwi sandangané sing dienggo waktu nganakké pangabekti, awit sandangan mau sutyi. Mulané kudu nganggo sandangan liyané, sakwisé mengkono terus kena menyang panggonané umaté.”
15
Sakwisé rampung enggoné ngukur gedong-gedong ing njeruh kabèh, aku terus digawa menyang gapura sing madep mengétan, terus piyambaké ngukur panggonané griya sutyi mau.
16
Sisih wétan diukur nganggo teken ukuran: 500 éluh miturut teken ukuran kuwi. Piyambaké terus ngalih
17
lan ngukur sisih lor: 500 éluh miturut teken ukuran. Terus ngalih menèh
18
lan ngukur sisih kidul: 500 éluh miturut teken ukuran.
19
Terus ngalih mengulon terus ngukur: 500 éluh miturut teken ukuran.
20
Sisihé papat pisan diukur. Ing sak ubengé panggonan kuwi ana témboké: dawané 500 éluh lan ambané 500 éluh. Kuwi kanggo misahaké sing sutyi karo sing ora sutyi.
← Chapter 41
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 43 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48