bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Ezekiel 4
Ezekiel 4
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 5 →
1
“Hé, anaké manungsa, kowé njupuka bata, sèlèhna ing ngarepmu, lan nggambara kuta ing nduwuré, ya kuwi Yérusalèm.
2
Kuta kuwi gambaren ijik dikepung: dèlèhna bèntèng kanggo ngepung, nggawéa unduk-undukan lemah sing dadi tanggulé kanggo ngepung, dèkèkna tarup panginepané suradadu lan ing sak ubengé kuta kuwi tatanen piranti kangggo ndobrak.
3
Terus kowé njupuka wesi waja blébékan, kuwi dekna ing tengahmu lan kuta mau kanggo pager wesi, sakwisé mengkono adepna praupanmu marang kuta kuwi, dadiné kuta kuwi dikepung lan kowé sing ngepung. Iki dadi tanda kanggo turunané Israèl.
4
Terus ngglétaka miring ngiwa, kowé nanggunga paukumané Israèl, pirang ndina enggonmu ngglétak mengkono kuwi, ya semono suwéné enggonmu nyangga paukumané.
5
Mengkono enggon-Ku netepké kanggo kowé: Pirang taun enggoné turunané Israèl diukum, ya kuwi tyatyahé dina enggonmu nanggung paukumané, ya kuwi 390 dina.
6
Yèn kuwi wis kok tandangi, terus ngglétaka miring menèh, nanging miring nengen lan kowé nyanggaa paukumané Yéhuda suwéné patang puluh dina; Aku netepké kanggo kowé sedina kanggo setaun.
7
Kowé mandenga marang Yérusalèm sing dikepung kuwi lan gegemen tanganmu lan medara wahyu nglawan kuta kuwi.
8
Kowé bakal Tak talèni, terus enggonmu ngglétak ora bisa alihan nganti kowé wis nggenepi dinané pangepunganmu kuwi.
9
Sak terusé kowé njupuka gandum jewawut, kedelé, katyang, gandum lan beras, kuwi dadèkna siji ing wadah, terus olahen dadèkna roti. Kuwi kanggo panganmu sak suwéné kowé ngglétak miring kuwi, ya kuwi 390 dina.
10
Lan panganmu kuwi tyatyahé bakal ditemtokké nganggo ditimbang: sedinané rong puluh sèkel; kuwi panganen ing waktu-waktu sing wis ditemtokké.
11
Banyu sing arep mbok ombé uga bakal ditemtokké: sak pronem hin; kuwi ombènen ing waktu-waktu sing wis ditemtokké.
12
Roti kuwi panganen kaya roti jewawut bunder lan kudu kok bakar karo geniné tainé manungsa ing ngarepé wong-wong mau.”
13
GUSTI terus ngomong menèh: “Wong Israèl bakal Tak buwang menyang ing sak tengahé bangsa-bangsa lan karo mengkono bakal mangan rotiné ing kana karo reget.”
14
Aku terus ngomong: “Duh GUSTI, Gustiku. Tenan kula durung tau ngregeti lan wiwit enom nganti teka saiki durung tau mangan batang utawa turahané memangsané kéwan galak, apa menèh tutuk kula durung tau klebon daging bosok.”
15
Aku terus diomongi mengkéné: “Lah yèn mengkono, kowé Tak lilani nganggo tlétongé sapi kanggo gantiné tainé manungsa lan rotimu dibakar ing kono.”
16
Sakwisé mengkono aku terus diomongi mengkéné: “Hé, anaké manungsa, Aku bakal ngentèkké simpenané pangan ing Yérusalèm - lan wong-wong mau karo kasusahan enggoné mangan roti sing boboté wis ditemtokké; mengkono uga enggoné bakal ngombé banyu sing wis ditemtokké takerané, ya karo susah banget -
17
kuwi supaya pada kekurangan pangan lan ngombé, terus pada ngenes lan pada gering ing sak njeruhné paukumané.
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 5 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48