bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 10
Ezekiel 10
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 11 →
1
Aku banjur ndeleng lah ing sadhuwure penthengan kang mayungi sirahe para kerub ing dhuwure ana kang kaya dhampar, katon kaya sesotya manila.
2
Kang manganggo mori mau nuli kapangandikanan mangkene: “Sira lumebua ing sangisoring kerub saka ing antarane rodha-rodhane, ngrakupa mawa mengangah saka ing satengahe kerub iku lan sawurna ing sadhuwure kutha iku.” Aku tumuli sumurup wong mau lumebu.
3
Kerub mau padha ngadeg ana ing sakidule Padaleman Suci, nalika wong mau lumebu ing satengahe rodha-rodhane, lan plataran ing jero kalimputan ing mega.
4
Ing nalika iku kamulyaning Sang Yehuwah minggah saka ing sadhuwuring kerub lan pindhah ing tlundhage lawanging Padaleman Suci, lan Padaleman Suci iki kapenuhan ing mega sarta platarane kebak cahya kamulyane Pangeran Yehuwah.
5
Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika.
6
Wong kang manganggo mori mau kadhawuhan mangkene: “Sira njupuka geni saka ing satengahe rodha-rodhane, saka ing satengahe kerub iki!” Kang manganggo mori banjur mangkat lan ngadeg ing sandhinge salah sawijine rodha iku.
7
Nuli kerub kang siji mulung tangane saka ing satengahing para kerub marang ing geni kang ana ing satengahe, kajupuk sathithik kadekekake ing tangane kang manganggo mori. Wong iki nampani banjur lunga.
8
Kerub-kerub iku katon kadunungan kang kaya tanganing manungsa ana ing sangisoring swiwine.
9
Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus.
10
Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine.
11
Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune.
12
Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.
13
Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”.
14
Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha.
15
Kerub mau banjur padha mumbul. Iku makhluk kang urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar.
16
Manawa kerub iku lumaku, rodha-rodhane iya ngglindhing ing sandhinge, manawa kerub iku ngegarake swiwine arep mabur saka ing lemah, rodha-rodha mau iya ora obah saka ing sandhinge.
17
Manawa kerub mau padha leren, rodha-rodhane iya leren; manawa kerub iku padha mumbul, rodhane iya melu mumbul, awit rohe makhluk kang padha urip iku dumunung ana ing rodha-rodha kono.
18
Kamulyaning Yehuwah tumuli nilar tlundhaging lawange Padaleman Suci lan pindhah ing sadhuwuring kerub.
19
Kerub-kerub iku padha ngegarake swiwine lan nalika lungane aku sumurup, iku padha mumbul saka ing lemah bebarengan karo rodha-rodhane. Banjur padha leren ing sacedhaking lawange gapurane padalemane Pangeran Yehuwah kang ana ing sisih wetan, tuwin kamulyane Allahe Israel ana ing sadhuwure.
20
Yaiku makhluk-makhluk urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sangisoring Allahe Israel ana ing pinggir kali Kebar. Lan aku mangreti, manawa iku kerub.
21
Siji-sijine ana raine papat sarta ing sangisore swiwine ana kang wangune kaya tanganing manungsa.
22
Katone raine ceples karo kang dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar. Kabeh lakune padha terus lenceng manut enering adhepe.
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→