bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 11
Ezekiel 11
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 12 →
1
Aku nuli kajunjung dening Sang Roh kabekta menyang ing lawanging gapurane Wetan padalemaning Yehuwah, yaiku lawang kang marep mangetan. Lah ing gapura kono ana wong salawe lan ana ing satengahe wong-wong iku aku ndeleng Yaazanya bin Azur lan Pelaca bin Benaya, iku kabeh padha dadi panggedhening bangsa.
2
Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, yaiku wong-wong kang ngrancang-ngrancang kadurjanan lan nyenyebar pitutur ala ana ing kutha kene,
3
kang padha celathu: Wektune mbangun omah isih tangeh, kutha iki kendhile, dene kita padha dadi daginge.
4
Mulane sira medhara wangsit, nglawan wong-wong iku, medhara wangsit, he anaking manungsa!”
5
Aku tumuli kalimputan ing Rohe Pangeran Yehuwah lan Pangeran Yehuwah ngandika marang aku mangkene: “Pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha celathu mangkene, he turune Israel, lan Ingsun mirsa apa kang tuwuh ana ing sajroning atinira.
6
Wong kang padha sira pateni iku cacahe saya akeh lan dalan-dalan padha sira kebaki mayite.
7
Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Allah: Wong kang padha sira pateni iku daginge, dene kutha iki kendhile, nanging sira bakal Sungiring metu saka ing kono.
8
Sira padha wedi marang pedhang, nanging Ingsun bakal ndhatengake pedhang nempuh sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
9
Ingsun bakal nggiring sira metu saka ing kono, Sunpasrahake marang wong manca sarta sira bakal padha Sundhawahi paukuman.
10
Sira bakal padha ambruk dening pedhang, lan ana ing tanah Israel anggoningSun ngukum sira, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
11
Kutha iki ora bakal dadi kendhil tumrap sira utawa kaya-kaya sira dadi daging ana ing kono. Ana ing tanah Israel anggoningSun bakal ngukum sira.
12
Lan sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah; amarga kalakuanira iku ora cocog kalawan pranatan-pranataningSun sarta sira ora nglakoni dhawuhingSun, malah sira nindakake padataningSun bangsa-bangsa ing sakubengira.”
13
Nalika aku lagi medhar wangsit iku, Pelaca bin Benaya mati. Aku banjur sujud lan munjuk kalawan swara sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa Paduka badhe numpes kekantunipun Israel?”
14
Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
15
“He, anaking manungsa, para kang manggon ing Yerusalem padha kandha bab sakehing sadulurira, sanak kadangira, lan sakehing turune Israel kabeh, mangkene: Wong-wong iku wus padha adoh karo Pangeran Yehuwah, tanah iki wus kaparingake marang aku dadi duwekku.
16
Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono,
17
ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.
18
Dene sawuse padha ana ing kana, bakal padha nyingkirake sakehing dewane kang nistha lan sakehing panggawene kang asor kang ana ing kana.
19
Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging,
20
supaya lakune manut ing sakehing pranatan-pranataningSun lan tatananingSun kalawan setya; ing kono banjur padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe.
21
Anadene wong-wong kang atine kelet marang para dewane kang nistha lan panggawene kang ora pantes, iku kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
22
Kerub-kerub mau nuli padha ngegarake swiwine lan rodhane iya padha melu obah, kalawan kaparingan kamulyane Gusti Allahe Israel,
23
dene kamulyane Pangeran Yehuwah mumbul saka ing satengahe kutha lan ngalih menyang ing sadhuwure gunung kang ana ing sawetaning kutha.
24
Aku nuli kajunjung dening Sang Roh lan ing sajrone wahyu kang saka ing Rohing Allah aku kabekta menyang ing nagara Kasdim, ing panggonane para boyongan. Sawuse mangkono wahyu kang dakdeleng iku banjur ilang,
25
sarta aku tumuli martakake marang para wong buwangan samubarang kabeh kang wus katedahake dening Pangeran Yehuwah marang aku.
← Chapter 10
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 12 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48