bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 19
Ezekiel 19
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 20 →
1
Anadene sira ngulukna kidung pangadhuh tumrap para ratu ing Israel,
2
lan pratelakna mangkene: “Wah, ibunira iku pancen singa wadon ana ing antarane singa-singa! Nglemprak ana ing satengahe sings-singa enom lan nusoni anak-anake.
3
Anake ana siji kang diopeni nganti dadi singa enom, kang sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.
4
Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk! Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane, nuli dikeluhi tuwin digiring menyang Mesir.
5
Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagal lan wus ora duwe pangarep-arep babar pisan banjur njupuk anake liyane sarta digulawenthah dadi singa enom.
6
Anake iki srawungan karo singa akeh nuli wus dadi singa enom lan sinau ndedekep malah banjur mangsa manungsa.
7
Betenge padha karusak, kuthane padha kaobrak-abrik; bumi dalah saisine kabeh padha kaget krungu swarane panggerone.
8
Para bangsa nuli padha gumregah nglawan saka ing wilayah-wilayah ing sakubenge, padha masang jaring kanggo nyekel lan banjur kacegur ing luwangan pasangan.
9
Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan, wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran, supaya swarane aja kaprungu maneh ana ing gunung-gununge Israel.
10
Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggur kang katandur ing sacedhaking banyu, banjur awoh lan ngepang amarga saka akehe banyune.
11
Apa pange kang thukul kang kuwat kang dadi tekening karajan; thukule dhuwur ngungkuli pang-pang liyane kang rapet, lan katon ngegla marga saka dhuwure sarta marga ana pange cilik akeh.
12
Nanging wit anggur iku banjur kabedhol awit saka bebendu, lan kaebrukake ing bumi; angin saka ing wetan gawe alum lan garinge wohe padha gogrog. Pange kang kuwat dadi garing lan banjur kamangsa ing geni nganti entek.
13
Lah saikine wit mau banjur katandur ing ara-ara samun, ing lemah kang garing lan kekurangan banyu banget.
14
Banjur ana geni kang metu saka ing pange kang mangsa pang-pange kang cilik lan wohe nganti entek, satemah wus ora ana pange kang kuwat, ora ana pange kang kanggo teken karajan.” Yaiki kidung pangadhuh lan banjur wus dadi kidung pangadhuh.
← Chapter 18
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 20 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→