bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 6
Ezekiel 6
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 7 →
1
Sawuse iku ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2
“He, anaking manungsa, marepa marang ing gunung-gununge Israel lan nglairna pameca nglawan gunung-gunung iku!
3
Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban.
4
Misbyah-misbyahira bakal dadi sepi mamring lan padupan-padupanira bakal karusak; tuwin Ingsun bakal ngebrukake para wongira kang padha pinatenan ana ing ngarepe brahala-brahalanira.
5
Mayit-mayite wong Israel bakal Sununcalake marang ing ngarepe para brahalane tuwin balung-balungira menyang ing sakubenging misbyah-misbyahira.
6
Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.
7
Wong-wongira kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.
8
Nanging saperangan, yaiku kang oncat saka pedhang, iku bakal Sunlestarekake urip ana ing satengahing para bangsa, samangsa sira padha kasebar-sebar menyang ing nagara-nagara iku.
9
Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.
10
Banjur bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah lan ora omong kosong, manawa Ingsun ngandika bakal ndhatengake bilai marang wong-wong mau.”
11
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas! Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug.
12
Kang adoh bakal mati kena ing pageblug, kang cedhak bakal ambruk dening pedhang, dene kang oncat lan kapitulungan bakal mati kaliren. Mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau.
13
Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane.
14
Ingsun bakal ngayatake astaningSun bakal nglawan wong-wong mau lan tanahe, ana ing ngendi bae pamanggone, bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring wiwit ing pasamunan nganti tumeka ing Ribla, nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
← Chapter 5
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 7 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→