bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 35
Ezekiel 35
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 34
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 36 →
1
Tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah mangkene:
2
“He, anaking manungsa, sira madhepa marang ing pagunungan Seir, medhara wangsit nglawan iku
3
lan tutura mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Ingsun bakal dadi mungsuhira, he pagunungan Seir, lan Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan marang sira sarta bakal Sunsirnakake lan Sundadosake sepi mamring.
4
Ingsun bakal ndadosake kutha-kuthanira dadi reruntuhan tuwin sira bakal dadi sepi mamring, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
5
Ing sarehne atinira kadunungan rasa memungsuhan turun-tumurun lan sira ngulungake wong Israel dadi memangsaning pedhang ing dinane kasangsaran ing waktu tumibaning pangadilane kang wekasan,
6
mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira bakal Sundadekake getih lan bakal kaoyak dening getih; ing sarehne sira kaluputan marga ngilekake getih, mulane getih bakal ngoyak sira.
7
Ingsun bakal nyirnakake pagunungan Seir lan Sundadekake sepi mamring tuwin Ingsun bakal nyirnakake sapa kang teka lunga ing kono.
8
Pagunungane uga bakal Sunkebaki kalawan wong-wong kang mati marga dipateni. Wong-wong kang mati kena ing pedhang bakal padha ambruk ana ing tengger-tenggerira, ing lembah-lembahira lan ing dhasar-dhasaring kalinira.
9
Sira bakal Sundadekake sepi mamring ing salawas-lawase tuwin kutha-kuthanira ora bakal dienggoni maneh. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
10
Ing sarehne sira celathu: Bangsa loro lan nagara loro iku bakal dadi duwekku lan kita kang bakal nduweni -- mangka sanyatane Sang Yehuwah ana ing kono --
11
mulane, demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- Ingsun bakal nandukake marang sira kaya kang wus sira tandukake marang turune Israel ing sajrone kanepsonira lan kamerenira, kang marga saka sengitira marang wong-wong mau; sarta Ingsun bakal ngrawuhi sira samangsa Ingsun ngadili sira.
12
Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki, Yehuwah, midhanget sakehing pangala-alanira kang sira ucapake marang gunung-gununge Israel yaiku mangkene: Gunung-gunung iku wus dadi sepi mamring lan kaulungake marang kita dadi pangan kita.
13
Kalawan mangkono iku sira ngegungake awakira dhewe ana ing ngarsaningSun kanthi pangucapira sarta akeh banget tembungira marang Ingsun. Iku Sunpiyarsakake.
14
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Salumahing bumi bakal sukarena ing waktu sira Sundadekake sepi mamring.
15
Kaya anggonira abungah-bungah ing bab pusakane turune Israel, kang wus dadi sepi mamring, iya kaya mangkono iku kang bakal Suntandukake marang sira. Sira bakal dadi sepi mamring, he, pagunungan Seir lan sira, Edom sakukubanira kabeh. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
← Chapter 34
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 36 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→