bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 9
Ezekiel 9
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 10 →
1
Aku banjur krungu Panjenengane ngandika kalawan swara sora mangkene: “Padha majua mrene, he para kang kuwajiban nibakake paukuman marang kutha iki! Siji-sijine nggawaa piranti kanggo nyirnakake.”
2
Lah ana wong lanang enem kang teka saka ing lawang gapura ing dhuwur, kang marep ngalor, siji-sijine nggawa piranti pangremuk. Panunggalane ana siji kang manganggo mori, kang ing lambunge ana pirantine kanggo nulis. Wong mau padha lumebu lan ngadeg sandhing misbyah tembaga.
3
Ing nalika iku kamulyaning Allahe Israel wus mumbul saka ing kerub papane sakawit, minggah ing tlundhaging lawange Padaleman Suci. Pangeran banjur nimbali wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge,
4
sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”
5
Dene sapangrunguku wong liya-liyane padha dipangandikani mangkene: “Wong iku etutna, kutha iku dlajahana lan sira menthungana nganti mati! Sira aja ngrasa eman lan aja nandukake piwelas.
6
Para wong tuwa, wong enom lanang wadon, bocah-bocah lan wong wadon, iku padha sira patenana lan sirnakna! Nanging sakehing wong kang mawa tandha aksara T iku aja sira kapak-kapakake! Lan wiwitane saka ing papan pasuceningSun!” Banjur padha miwiti saka para pinituwa kang ana ing sangarepe Padaleman Suci.
7
Sawuse mangkono padha dipangandikani mangkene: “Padaleman Suci iku sira najisna, plataran-platarane kebakana wong-wong kang wus kapatenan. Wis padha mangkata!” Nuli padha mangkat, wong-wong ing sajroning kutha padha dipenthungi nganti mati.
8
Sajrone padha mateni wong-wong iku -- ing nalika iku aku kari ana ing buri -- aku banjur sujud lan munjuk kalawan sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa karsa Paduka badhe nyirnakaken sadaya kekantunanipun Israel ing salebetipun Paduka ngesokaken bebendu Paduka dhateng Yerusalem punika?”
9
Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki.
10
Mulane Ingsun uga ora bakal ngraos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe wong iku kabeh.”
11
Ing kono wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge iku banjur lapur, unjuke: “Kawula sampun nglampahi punapa ingkang Paduka dhawuhaken dhumateng kawula.”
← Chapter 8
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 10 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→