bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 18
Ezekiel 18
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 19 →
1
Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2
“Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu?
3
Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh ana ing Israel.
4
Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni! Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun! Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati.
5
Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran,
6
ora mangan daging kurban kang ana ing gunung utawa ora tumenga marang para brahalane Israel, ora ngrusuhi bojone pepadhane lan ora sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari,
7
ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,
8
ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,
9
lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya -- yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
10
Nanging manawa wong mau duwe anak kang dadi garong lan kang seneng ngwutahake getih utawa nglakoni salah sawijining panggawe kang kaya mangkono
11
-- sanadyan si bapa ora nglakoni bab iku babar pisan -- uga mangan daging kurban kang ana ing gunung lan ngrusuhi bojoning liyan,
12
nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan,
13
nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe.
14
Lah manawa wong mau duwe anak lan anak iki nyumurupi sakehing dosa kang dilakoni dening bapakne, nanging mangreteni bab iku, satemah ora tumindak mangkono, yaiku:
15
ora mangan daging kurban kang ana ing gunung, ora tumenga marang para brahalane turune Israel, ora ngrusuhi bojone liyan,
16
ora nindhes wong liya, ora njaluk cekelan, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan marang wong luwe, aweh sandhangan marang kang kewudan,
17
ngedohi kaculikan, ora nganakake dhuwit lan ora njupuk bebathening lintah dharat, nindakake pranataningSun lan lakune manut ing katetepaningSun -- wong mangkono iku ora bakal mati marga saka kaluputane bapakne, mesthi urip.
18
Bapakne kang gawene memeres, kang ngrampas lan kang nglakoni bab-bab kang ora becik ana ing satengahing bangsane, lah iku bakal mati marga saka kaluputane.
19
Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? -- Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.
20
Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.
21
Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.
22
Sakehing duraka kang dilakoni ora bakal kaetung maneh tumrap dheweke; wong iku bakal urip marga saka kabeneran kang dilakoni.
23
Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Apa ora marga saka pamratobate supaya urip?
24
Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka -- apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake.
25
Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?
26
Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake.
27
Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.
28
Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.
29
Ewasamono turune Israel celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! He, turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?
30
Awit saka iku, he turune Israel, sira bakal padha Sunadili manut tumindakira dhewe-dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Padha mratobata lan padha sumingkira saka ing sakehe durakanira, supaya iku tumrap sira ora dadi sandhungan, kang njalari sira padha tumiba ing kaluputan.
31
Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?
32
Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”
← Chapter 17
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 19 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→