bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 4
Ezekiel 4
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 5 →
1
“He, anaking manungsa, sira njupuka bata, selehna ana ing ngarepira, lan nggambara kutha ana ing dhuwure, yaiku Yerusalem.
2
Kutha iku enthanen lagi kakepung: dokokana beteng pangepungan, gawea undhug-undhugan lemah kang dadi tangguling pangepungan, dokokana tarub panginepaning wadya-bala sarta ing sakubenging kutha iku pasangana totog.
3
Nuli sira njupuka wesi wajan blebekan, iku degna ana ing antaranira lan kutha mau minangka pager wesi, sawuse mangkono sira marepa mrono, dadine kutha iku kakepung lan sira kepung. Iki dadi pratandha tumrap turune Israel.
4
Sira banjur turona miring ngiwa, sira nanggunga paukumane turuning Israel. Pirang dina anggonira turon mangkono iku, iya samono lawase anggonira nyangga paukumane.
5
Mangkene anggoningSun netepake tumrap sira: Pirang taun anggone turune Israel kaukum, iya iku cacahing dina anggonira nanggung paukumane, yaiku telung atus sangang puluh dina.
6
Manawa iku wus sira tindakake, banjur turona miring maneh, nanging miring manengen lan sira nyanggaa paukumane Yehuda lawase patang puluh dina; Ingsun netepake tumrap sira sadina kanggo sataun.
7
Sira mandenga marang Yerusalem kang kakepung iku lan ethungana antem sarta medhara wangsit nglawan kutha iku.
8
Lah sira bakal Suntaleni, satemah anggonira turon ora bisa alihan nganti sira wus ngganepi dinaning pangepunganira iku.
9
Sabanjure sira njupuka gandum sair, kedhele, kacang, jewawut lan kusemet, iku dadekna siji ana ing wadhah, nuli olahen dadekna roti. Iku minangka panganira ing sajrone sira turon miring iku, yaiku telung atus sangang puluh dina.
10
Lan panganira iku kehe bakal katemtokake sarana katimbang: sadinane rong puluh sekel; iku sira pangana ing wektu-wektu kang wus katemtokake.
11
Banyu kang sira ombe uga bakal katemtokake: sapranem hin; iku sira ombea ing wektu-wektu kang wus katemtokake.
12
Roti iku sira pangana kayadene roti sair bunder tuwin kudu sira bakar ing geni sesukering manungsa ana ing ngarepe wong-wong mau.”
13
Pangeran Yehuwah nuli ngandika maneh: “Wong Israel bakal Sunbuwang menyang ing satengahing bangsa-bangsa lan kalawan mangkono bakal mangan rotine ana ing kana kalawan najis.”
14
Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, saestu kawula dereng nate kanajisaken, lan wiwit enem ngantos dumugi sapunika dereng nate nedha bebathang utawi sisaning memangsanipun kewan galak, punapa malih cangkem kawula dereng nate klebetan daging bosok.”
15
Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Lah yen mangkono sira Sunparengake nganggo sesuker sapi minangka gantine sesuker manungsa, sarta rotinira kabakara ana ing kono.”
16
Sawuse mangkono aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal nyirnakake simpenane pangan ing Yerusalem -- lan wong-wong mau kalawan prihatin anggone mangan roti kang bobote wus katemtokake; mangkono uga anggone bakal ngombe banyu kang wus katemtokake takerane, iya kalawan susah banget --
17
iku supaya padha kakurangan pangan lan ngombe, satemah padha ngenes tuwin padha gering ana ing sajroning paukumane.
← Chapter 3
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 5 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48