bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 45
Ezekiel 45
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 44
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 46 →
1
“Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.
2
Tanah iku anaa kang kasadhiyakake kanggo pasucen, wujude pesagi papat, dawane lan ambane nglimang atus asta lan ing sakubenge anaa lowahane kang ambane seket asta.
3
Ing tanah kang wus kaukur mau sira ngukura saperangan kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta: iya ing kono iku dununge pasucen tuwin perangan iki Sucining Suci.
4
Iki perangan kang suci tumrap tanah iku lan dadi papaning para imam kang nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kang padha sowan leladi marang Sang Yehuwah. Iku papan pomahane para imam lan dadi wewengkon suci tumrap ing pasucen.
5
Kang dawane salawe ewu asta lan ambane sapuluh ewu asta iku dadi darbeke wong-wong Lewi kang kawajibane leladi ana ing Padaleman Suci; iku kutha-kuthane, papan panggonane.
6
Kang dadi duweking kutha iku sira temtokna: ambane limang ewu asta, dawane salawe ewu asta lan adu wates karo pisungsung mligi kang suci mau. Iku kanggo turune Israel kabeh.
7
Anadene bageaning raja iku kudu dumunung ana ing sakulone lan sawetane pisungsung mligi kang suci lan duweke kutha iku kudu adu wates karo perangan loro mau. Sisihe kulon kudu nganti tekan wates kulon lan sisihe wetan kudu tekan wates wetan. Dadi dawane kudu padha karo dawane bageane taler Israel siji, yaiku wiwit wates kulon nganti tekan wates wetan ing nagara iku.
8
Iku kang dadi bageane ana ing tanah Israel. Lan para raja Israel ora bakal nindhes umatingSun maneh sarta bakal padha masrahake nagara iku marang turune Israel manut taler-talere.”
9
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.
10
Wus sapantese manawa sira migunakake timbangan kang bener, efa kang bener lan bat kang bener.
11
Wus sapantese manawa efa lan bat iku takerane padha, dadi sa-bat isine saprasapuluh homer lan sa-efa uga saprasapuluh homer. Dadi takeran-takeran iku ngenut homer.
12
Tumrap sira kabeh wus sapantese manawa sa-syikal iku padha karo rong puluh gera, limang syikal iya limang syikal, lan sapuluh syikal iya sapuluh syikal, lan seket syikal iku ana sa-mina.
13
Iki sesaosan mligi kang kudu padha sira unjukake: sapranem efa saka gandum sa-homer lan sapranem efa saka sair sa-homer.
14
Anadene katetepane tumrap lenga mangkene: saprasapuluh bat saka sa-kor; sa-kor iku padha karo sapuluh bat.
15
Saben cempe wedhus gembel rong atus duweke brayat siji kajupuk siji. Iku kabeh kanggo kurban dhaharan lan kurban obaran sarta kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap wong-wong mau. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
16
Kabeh pendhudhuk nagara kudu ngunjukake pisungsung mligi marang raja Israel.
17
Dene raja kang tanggung-jawab tumrap kurban obaran, kurban dhaharan, kurban unjuk-unjukan manawa pinuju dina gedhe, sasi anyar, dina Sabat lan saben turune Israel nganakake pahargyan. Raja kang kudu nyawisake kurban pangruwating dosa, kurban dhaharan, kurban obaran lan kurban kaslametan kanggo nganakake pirukun tumrap turune Israel.”
18
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah Allah: “Ing sasi kapisan, tanggal siji sasi iku sira njupuka sapi lanang enom siji kang tanpa cacad, pasucen iku banjur sucekna.
19
Imam njupuka getih kurban pangruwating dosa sathithik lan leletna ing saka-sakane Padaleman Suci lan ing pojoke papat wengkune misbyah sarta ing saka-sakaning gapura plataran njero.
20
Mangkono uga ing tanggal sapisan sasi kapitu sira iya tumindaka mangkono kanggo para wong kang nglakoni dosa ora kanthi kajarag lan ora kasumurupan.
21
Ing sasi kapisan, tanggal patbelas sasi iku sira padha mahargyaa riyaya Paskah lan ing sajrone pitung dina sira padha mangana roti tanpa ragi.
22
Ing dina iku raja nyawisna sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa tumuju marang awake dhewe lan wong sanagara kabeh.
23
Ing sajroning pitung dina ing dina gedhe iku, raja nyawisana kurban obaran kagem Sang Yehuwah: saben dina sapi lanang pitu lan wedhus gembel lanang pitu kang tanpa cacad tuwin kanggo kurban pangruwating dosa saben dina wedhus jawa lanang siji.
24
Kanggo kurban dhaharan raja nyawisana glepung sa-efa kalawan sapi siji lan glepung sa-efa kalawan wedhus gembel lanang siji sarta lenga sa-hin kanggo sa-efa.
25
Ing sasi kapitu, tanggal limalas sasi iku, yaiku ing dina gedhe, raja iya nganakna pacawisan kaya mangkene iki lawase pitung dina: kurban pangruwating dosa, kurban obaran, kurban dhaharan lan lenga.
← Chapter 44
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 46 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→