bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 14
Ezekiel 14
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 15 →
1
Sawuse mangkono panunggalane para pinituwaning Israel ana sawatara kang padha nemoni aku lan banjur linggih ana ing ngarepku.
2
Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
3
“He, anaking manungsa, wong iki padha mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang njalari padha tumiba ing kaluputan. Apa Ingsun karsa yen wong iku padha nyuwun pituduh marang Ingsun?
4
Mulane padha tuturana lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Saben wong turune Israel kang mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang nuwuhake duraka, mangka banjur nemoni nabi -- Ingsun, Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan marga saka akehe brahalane iku,
5
supaya Ingsun bisa ngrogoh atine turune Israel, kang wus padha ninggal Ingsun kabeh sarana anggone padha ngetut-buri marang sakehing brahalane iku.
6
Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha,
7
amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi-mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan.
8
Iku bakal Sunlawan piyambak lan bakal Sundadekake tandha lan gegambaran sarta bakal Sunsirnakake saka ing satengahing umatingSun. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.
9
Manawa nabi iku nganti kena kabujuk lan banjur nglairake sadhengah tembung, Ingsun, Yehuwah mesthi bakal mbujuk nabi iku, sarta bakal ngayatake astaningSun nglawan marang wong iku, tuwin wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe umatingSun Israel.
10
Iku bakal padha nanggung kaluputane dhewe-dhewe, iya kang njaluk pituduh iya nabi mau,
11
supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
12
Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
13
“He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake,
14
sanadyan ing kono tinemu wong telu iki, yaiku Nuh, Dhaniel lan Ayub, wong iki bakal mung bisa nylametake awake dhewe marga saka kamursidane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
15
Utawa manawa Ingsun ndadekake kewan galak padha saba ana ing nagara kono, kang ngentekake wong kang padha manggon ing kono, satemah nagara iku dadi sepi mamring lan ora ana wong kang wani mrono marga saka anane kewan-kewan galak mau,
16
sanadyan ing kono tinemu wong telu mau, dhemi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal padha bisa nylametake anak lanang utawa anak wadon; mung wong iku dhewe kang kapitulungan, dene nagara iku bakal dadi sepi mamring.
17
Utawa manawa Ingsun ngasta pedhang kanggo nagara iku lan Sunpangandikani: He pedhang, sira ndlajahana nagara iku, lan manungsa sarta kewan ing nagara kono Sunsirnakake,
18
sanadyan ing nagara kono tinemu wong telu mau, demi Ingsun gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa anak wadon, mung wong iku dhewe kang bisa kapitulungan.
19
Utawa manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing nagara kono tuwin Ingsun ngesokake bebenduningSun marang nagara iku kalawan ngwutahake getih, satemah sirna manungsa lan kewan ing nagara kono,
20
sanadyan Nuh, Dhaniel lan Ayub ana ing kono, demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa wadon, nanging mung bakal padha bisa mitulungi nyawane dhewe marga saka kamursidane.
21
Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!
22
Nanging, lah ing kono bakal ana kekarene, yaiku kang padha bisa oncat, anak lanang lan anak wadon; iku bakal padha metu nemoni sira lan sira bakal nyumurupi tindak-tanduke, temah sira banjur rumangsa kalipur ing bab kasangsaran kang Sundhatengake ing Yerusalem, iya bab kabeh kang Sundhatengake ing kono mau.
23
Wong-wong iku bakal padha dadi panglipurira, yaiku manawa sira sumurup marang tindak-tanduke sarta sira bakal padha mangreti, manawa anggoningSun nandukake iku mau kabeh marang Yerusalem iku ana sababe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 15 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48