bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 24
Ezekiel 24
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 25 →
1
Nalika ing taun kang kasanga, tanggal ping sapuluh sasi sapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2
“He, anaking manungsa, cathetana tanggale dina iki, iya tanggale dina iki. Ing dina iki uga ratu ing Babil wiwit nempuh Yerusalem.
3
Jinis kang wangkot iki sira kandhanana kalawan pasemon mangkene: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Kencenge tumpangna ing geni, tumpangna banjur isenana banyu,
4
nuli cemplungana tengkelan daging, kabeh tengkelan kang becik, pupune lan gegere; kebakana balung-balung pilihan.
5
Njupuka wedhuse kang pilihan, lan ing sangisore tumpukana kayu, olah-olahan iku cikben umob balung-balung supaya uga dadi empuk ana ing njerone.
6
Awit saka iku pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Bilai kutha kang kebak utang getih, kenceng kang nai ing jerone lan kang reregede ora ilang! Tengkelan-tengkelan mau entasen siji-siji ora usah ndadak milih-milih.
7
Amarga getih kang kailekake isih ana ing tengahe; anggone ngwutahake ana ing gunung parang kang gundhul. Ora kaesokake ing lemah, dimen kurugan ing lebu.
8
Mulane marga saka tuwuhing bebendu lan thukuling raos karsa ndhawahake piwales, Ingsun bakal ngwutahake getihe dhewe ing gunung parang kang gundhul supaya aja nganti ketutupan.
9
Mulane pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Bilai kutha kang kebak utang getih! Pawone bakal Sungedhekake.
10
Kayune tumpukana kang akeh, urubna genine, daginge dimen mateng temenan, duduhe buwangen, cikben balung-balunge padha gosong.
11
Kenceng kang kothong iku engkrengna ing geni mawa, supaya panas lan tembagane mengangah, satemah reregede ing jero sirna lan taiyenge ilang.
12
Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni.
13
Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.
14
Ingsun Yehuwah, kang mangandikakake iku. Iku mesthi bakal kelakon sarta Ingsun kang bakal nandukake. Ingsun ora bakal mundur lan ora bakal ngraos mesakake sarta ora bakal keduwung. Sira bakal Sunadili manut panggawenira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
15
Sawuse mangkono tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
16
“He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh.
17
Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”
18
Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku.
19
Bangsa iku banjur celathu marang aku: “Punapa panjenengan boten karsa paring sumerep dhateng kula, punapa tegesipun punika tumrap kula sadaya, dene panjenengan kok tumindak makaten?”
20
Banjur padha dakwangsuli mangkene: “Sang Yehuwah wus ngandika marang aku:
21
Kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Satemen-temene Ingsun bakal najisake papan pasuceningSun, kang dadi kaluhurane pangwasanira, kasenengane mripatira lan nyawanira; sarta anak-anakira lanang lan wadon kang padha sira tinggal iku bakal padha mati dening pedhang.
22
Ing kono kowe bakal padha nglakoni apa kang daktindakake: Raimu bakal ora padha koktutupi, lan kowe ora bakal padha mangan roti palayadan.
23
Sirahmu bakal padha kokenggoni serban lan sikilmu bakal kokenggoni trumpah; tuwin kowe ora bakal padha ngadhuh-adhuh utawa nangis. Nanging kowe bakal padha lebur ing sajroning paukumanmu lan kowe bakal padha genten ngesah.
24
Kaya mangkono Yeheskiel bakal dadi gegambaran tumrap sira kabeh. Sira bakal padha nglakoni trep karo kang katindakake. Manawa iku wus kelakon, sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
25
Anadene sira, he, anaking manungsa, apa ora mangkene kang bakal kelakon iku? Ing dina anggoningSun mundhut betenge, pepasrene, kang nyenengake atine, kasenenganing mripate lan kang kaangen-angen dening nyawane, anak-anake lanang lan wadon,
26
ing dina iku uga bakal ana wong kang bisa oncat, kang teka nggawa pawarta marang sira.
27
Ing dina iku cangkemira bakal kabukak lan sira bakal caturan karo wong kang oncat mau sarta banjur ora lestari bisu. mangkono anggonira dadi pralambang tumrap para wong mau tuwin iku banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
← Chapter 23
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 25 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→