bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 25
Ezekiel 25
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 26 →
1
Aku kaparingan pangandika dening Sang Yehuwah mangkene:
2
“He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang bani Amon lan medhara wangsit nglawan bangsa iku!
3
Kandhaa marang bani Amon: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira ngucap kalawan sora: Sokur! Tumrap papan pasuceningSun, nalika kasucene dilanggar, lan tumrap tanah Israel, nalika kadadekake sepi mamring, sarta tumrap turune Yehuda, nalika kudu lunga menyang ing pambuwangan,
4
mulane lah Ingsun masrahake sira marang wong saka ing sisih wetan supaya dadi darbeke; iku bakal padha ngedegake tarube ana ing panggonanira lan mbangun papan padunungane; bakal mangan wowohanira tuwin ngombe susuning raja-kayanira.
5
Raba bakal Sundadekake pangonan unta sarta kutha-kuthane bani Amon Sundadekake plegunganing wedhus, tuwin sira bakal sumurup yen Ingsun iki Yehuwah.
6
Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira keplok-keplok lan gedrug-gedrug sarta bungah ing sajroning atimu awit saka sangsaraning tanah Israel,
7
marga saka iku, lah Ingsun bakal ngagakake astaningSun nglawan sira lan sira bakal Sunpasrahake dadi jarahan marang suku-suku bangsa tuwin Sunsirnakake saka ing satengahing para bangsa sarta Sunbengkas saka ing antarane nagara-nagara; sira bakal Sunmusnakake. Ing kono sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”
8
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne Moab celathu: Lah turune Yehuda iku padha karo sakehing bangsa liya,
9
awit saka iku, lah tanahe pagunungan Moab bakal Sunblakake temah kutha-kuthane bakal ambruk, iya kutha-kuthane, ora ana kang ora, yaiku kang dadi rerengganing nagara iku: Bet-Yesimot, Baal-Meon lan Kiryataim.
10
Iku bakal Sunpasrahake marang wong saka sisih wetan dadi duweke bebarengan karo bani Amon, supaya bani Amon ora dieling-eling maneh ana ing antarane para bangsa.
11
Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Moab, temah bakal padha sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”
12
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ing sarehne Edom wus nandukake pamales ala marang turune Yehuda lan tumindak luput kang banget yaiku anggone nandukake pamales marang turune Yehuda iku.
13
Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan Edom, manungsane lan kewane bakal Sunsirnakake saka ing kono sarta Edom bakal Sundadekake reruntuhan; wiwit saka ing Teman nganti tekan ing Dedan wonge bakal padha mati dening pedhang.
14
Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang Edom kalawan ngagem tanganing umatingSun Israel. Iku bakal nandukake marang Edom, salaras karo dedukaningSun lan bebenduningSun, tuwin Edom bakal ngrasakake pamalesingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
15
Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Ing sarehne wong Filisti wus nandukake pamales ala lan bungah marga saka sangsarane Israel, tuwin nandukake pamales kalawan patrap memateni marga saka ananing rasa memungsuhan turun-tumurun,
16
mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ngagagake astaningSun nglawan wong Filisti lan bakal nyirnakake wong Kreta sarta mbengkas bangsa liya-liyane kang ana ing pinggiring sagara.
17
Ingsun bakal nandukake pamales kang nggegirisi marang bangsa-bangsa iku sarta Sundhawahi paukuman marga saka dukaningSun, satemah bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, ing nalikane Ingsun nandukake pamalesingSun marang wong-wong mau.”
← Chapter 24
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 26 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→