bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Ezekiel 28
Ezekiel 28
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 29 →
1
Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2
“He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Ing sarehne sira dadi gumunggung lan celathu: Aku iki Allah! Aku lungguh ing dhamparing Allah, ana ing tengahing samodra. Mangka sira iku manungsa, dudu Allah, sanadyan atinira rumangsa padha karo Allah.
3
Kawicaksananira pancen ngungkuli kawicaksanane Dhaniel; ora ana barang kang samar kang ora sira sumurupi.
4
Marga saka wicaksananira lan pangretenira sira oleh kasugihan. Emas lan salaka sira klumpukake ing gedhong raja-brananira.
5
Marga saka bangeting pinterira dedagangan kasugihanira dadi akeh lan iku njalari sira banjur gumunggung.
6
Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,
7
mulane, lah Ingsun nimbali wong manca supaya nglawan marang sira, yaiku bangsa kang ambek siya dhewe, kang bakal ngunus pedhange, banjur merangi kawicaksananira kang pinuji iku lan kamulyanira bakal dinajisake.
8
Sira kang pinatenan ana ing tengahing samodra bakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.
9
Apa sira isih bakal celathu ana ing ngarepe kang mateni sira, ana ing tangane kang nuwek sira: Aku iki Allah? Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.
10
Sira bakal mati dening wong manca kayadene wong kang ora tetak. Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”
11
Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
12
“He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira iku gambaring kasampurnan, kebak kawicaksanan lan endahing endah.
13
Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine: jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo, sesotya pirus, krisopras lan nefrit, lazurit, sesotya mirah lan malakit. Embanane kang kagawe emas lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.
14
Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksa sira iku ana ing gununging Allah kang suci lan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotya kang mencorong.
15
Tindak-tandukira tanpa cacad wiwit ing dina sira katitahake nganti sira tinemu nglakoni duraka.
16
Sarehne sira dagang gedhe sira banjur atindak keras lan gawe dosa. Mulane sira tumuli Sunbuwang saka ing gununging Allah, sarta kerub kang rumeksa banjur nyirnakake sira saka ing satengahe sesotya kang mencorong.
17
Sira gumunggung marga saka endahing warnanira, kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira. Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi, Sunpasrahake marang para raja dadi tontonan ana ing ngarepe.
18
Marga saka akehe kesalahanira lan kaculikanira ing sajroning laku dagang sira nerak kasucening pasucenira. Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira, kang bakal mangsa sira nganti entek. Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumi ana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.
19
Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sira padha kaget nyumurupi kaananira. Wekasaning uripira nukulake pagiris tuwin sira sirna ing salawas-lawase.”
20
Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
21
“He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana:
22
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.
23
Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.
24
Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
25
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalikane Ingsun nglumpukake turune Israel saka ing satengahe suku-suku bangsa, kang padha diparani rikala kabuyarake tuwin Suntedahi kasuceningSun ana ing ngarepe para bangsa, banjur bakal padha manggon ana ing tanahe kang wus Sunparingake marang abdiningSun Yakub.
26
Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.”
← Chapter 27
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 29 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
Recommended Reading
Commentary
Ezekiel Commentaries
→
Devotional
Ezekiel Devotional Guide
→
Get This Bible
Javanese Bible (Kitab Sutji) Study Bible
→