bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Jeremiah 14
Jeremiah 14
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 15 →
1
Tembungé GUSTI marang Yérémia bab waktu ngerak.
2
Yéhuda kasusahan, gapurané pada ambruk, lan kétok memelas njepaplang ing lemah; sambaté Yérusalèm munggah menduwur.
3
Para penggedéné pada kongkonan wong-wong golèk banyu, pada tekan ing sumur-sumur, nanging ora olèh banyu, terus pada bali karo kendi-kendi sing ijik kosong. Pada isin, praupané mbrabak, nganti sirahé dikudungi.
4
Penggawéan ing kebon wis mandek, awit ora ana udan ing negara, terus wong tani pada gela lan sirahé dikudungi.
5
Malah ana menjangan ing ara-ara sing ninggal lunga anaké sing ijik entas lair, awit ora ana suket nom.
6
Kimar alasan pada ngadek ing puntuk-puntuk gundul, mangap-mangap kaya asu alasan, matané nglokro, awit ora ana suket.
7
“Duh GUSTI, senajan duraka kita pada nuntut kita, supaya Panjenengan gelem ngekèki bantuan marang kita, awit sangka asma Panjenengan! Awit okèh kesalahan kita, kita pada nggawé dosa ing ngarepé Panjenengan.
8
Duh Pengandel-andelé Israèl, Juru pitulungan ing waktu kangèlan! Kenèng apa nanging Panjenengan kaya wong mantya ing negara kéné? Kaya wong nglembara sing mung mampir arep nginep waé?
9
Kenèng apa Panjenengan kaya wong bingung, kaya pahlawan sing ora saguh mitulungi? Nanging Panjenengan apa ora ing tengah-tengah kita, duh GUSTI, lan asma Panjenengan disebut ing nduwur kita. Kita supaya aja nganti Panjenengan tégakké!”
10
Mengkéné tembungé GUSTI kanggo bangsa iki: “Wong kuwi pada seneng nglembara lan ora ngendek sikilé. Mulané ora ndadèkké senengé GUSTI, nanging saiki Panjenengané gelem éling durakané lan arep ngukum dosané.”
11
GUSTI ngomong marang aku: “Kowé aja ndedonga kanggo apiké bangsa iki!
12
Senajan pada pasa Aku ora bakal ngrungokké; senajan pada masrahaké kurban obongan lan kurban panganan, Aku ora bakal seneng marang bangsa iki, nanging Aku bakal matèni bangsa iki karo pedang, pailan lan lara pès.”
13
Aku terus ngomong: “Duh GUSTI, Gustiku! Para nabi apa ora wis nyritani marang wong-wong kuwi: Kowé ora bakal pada ngalami perang lan ora bakal katekan karo pailan, nanging kowé bakal Tak wènèhi tentrem rahayu, sing kuwat ana ing kéné!”
14
GUSTI sing semaur marang aku: “Para nabi kuwi pada ngomongké goroh atas asma-Ku! Aku ora ngutus lan ngekèki préntah lan ora ngekèki tembung marang para wong kuwi. Wong kuwi pada nglairké wahyu goroh, nubuaté sing kosong lan akal kepinterané atiné déwé.
15
Mulané tembungé GUSTI kanggo para nabi sing pada ngomongké kanggo asma-Ku, nanging Aku ora ngutus wong-wong kuwi lan sing omong: Ing kéné ora bakal katekan perang lan pailan: Para nabi kuwi déwé sing bakal entèk karo perang lan pailan!
16
Lan bangsa sing pada dinubuwati kuwi bakal pada mati glangsaran ing dalan-dalané Yérusalèm awit sangka perang lan pailan lan ora ana wong sing bakal mendem wong-wong kuwi: ya wong-wong kuwi déwé, bojoné lan anak-anaké lanang lan wadon. Kaya mengkono enggon-Ku bakal ngutahké penggawé alané marang wong-wong kuwi.”
17
Omongna tembung iki marang wong-wong kuwi: “Luhku trotyosan awan wengi tanpa mandek, awit prawan, anaké wadon bangsaku, ketaton banget, tatuné ora bisa ditambani babar pisan.
18
Yèn aku metu menyang ing ara-ara ing kana ana wong sing pada mati, awit dipatèni karo pedang! Yèn aku mlebu ing kuta ing kana ana wong sing pada lara kaliren! Uga nabi lan imam pada nglembara ing negara sing ora dikenal.”
19
Yéhuda apa Panjenengan tampik babar pisan? Ati Panjenengan apa jelèh marang Sion? Kenèng apa nanging kula pada Panjenengan digebuki nganti ora bisa waras babar pisan? Kula pada ngarep-arep tentrem rahayu, nanging ora ana apa-apa sing apik, ngentèn-entèni kewarasan, nanging sing ana mung rasa wedi.
20
Duh GUSTI, kula pada ngrumangsani tindak dursila kula lan durakané para mbah kula; tenan, kula nggawé dosa marang Panjenengan.
21
Panjenengan supaya aja nampik kita, awit sangka asma Panjenengan, aja nganti nyepèlèkké kaluhurané dampar Panjenengan. Supaya éling marang perjanjiané Panjenengan karo kita, aja Panjenengan batalké!
22
Sangka tunggalé para déwané para bangsa, sing tanpa guna kuwi, apa ana sing bisa nibakké udan? Apa langit déwé bisa ngekèki udan deres? Apa ora mung Panjenengan déwé, duh GUSTI, Gusti Allah kita, Pengandel kita sing nindakké perkara kuwi kabèh?
← Chapter 13
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 15 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52