bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Jeremiah 46
Jeremiah 46
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 45
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 47 →
1
Tembungé GUSTI marang Yérémia kanggo para bangsa.
2
Kanggo Egipte. Kanggo para suradaduné Parao Neko, ratu ing Egipte, sing ngedekké tarup ing pinggir kali Efrat, ing sak tyedaké Karkemis lan sing dikalahké karo Nebukadnésar, ratu ing Babèl, waktu ing taun sing kaping papat pepréntahané Yoyakim, anaké Yosia, ratu ing Yéhuda:
3
“Tyepakna tamèng gedé lan tamèng tyilik lan majua perang!
4
Hé para suradadu numpak jaran, jaranmu tlapakana lan tunggangana! Nataa ing panggonanmu karo nganggo topi waja, landepana tumbakmu, nganggoa klambi wesi!
5
Kenèng apa sing Tak sawang pada wedi lan pada mundur? Penggedéné pada kalah, mblayu nasar-nasar, tanpa nolah-nolèh, rasa wedi sangka kéblat papat!, - mengkono tembungé GUSTI—.
6
Wong sing èntèng sikilé ora bisa mlayu, pahlawan ora bisa utyul, ing sisih lor ing pinggir kali Efrat pada kejengklok lan ambruk.
7
Sapa ta sing mbludak kaya kali Nil lan sing banyuné molak-malik kaya kali?
8
Ya kuwi Egipte sing mbludak kaya kali Nil, lan banyuné molak-malik kaya kali. Sumbara: Aku arep nglubèri lan nutupi bumi ngentèkké kuta sak isiné.
9
Hé jaran, pada majua! Hé kréta perang, pada mbalapa! Hé para pahlawan majua perang! Hé kowé wong Etiopia lan wong Libia sing nggawa tamèng lan wong Lidiya sing mentèng gendéwa!
10
Iki dinané GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, dina tibané balesan marang para mungsuhé. Pedang bakal mangan nganti warek, lan nyedot getihé nganti marem. Awit GUSTI sing ngwasani langit lan bumi nganakké kurban sing dibelèh ing negara lor ing sak tyedaké kali Efrat.
11
Hé prawan wadon Egipte!, menyanga ing Giléad njupuk balsem! Ora ana gunané enggonmu nggolèk tamba okèh, kowé ora bakal bisa waras!
12
Para bangsa wis pada krungu kanggo tyirimu, bumi wis kebak sambatmu, awit para pahlawan pada tunjang-tunjangan, loro-loroné bareng ambruk.”
13
Tembungé GUSTI marang Yérémia, bab tekané Nebukadnésar, ratu Babèl, arep menangké negara Egipte:
14
“Kabarna ing Egipte, lan omongna ing Migdol! Omongna ing Mèmfis lan ing Tapanhes! Tuturana: Njukuka panggonanmu lan tata-tataa, awit ing sak kiwa-tengenmu wis resik, dipangan karo pedang!
15
Kenèng apa Apis mblayu sapimu lanang apa ora kuwat ngadepi? Tenan, GUSTI wis menangké dèwèké!
16
Sangka tengahmu okèh sing kejengklok lan ambruk, sing siji omong marang sijiné: Hayuk pada mulih menyang bangsa kita, negara kelairan kita, perlu ngéndani pedang sing ngamuk iki!
17
Nyebuta jenengé Parao, ratu ing Egipte: Tukang ramé sing ora nggunakké waktu sing betyik.
18
Kanggo Aku sing urip, mengkono tembungé Ratu sing asmané GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, tekané bakal kaya waé gunung Tabor sing metongol duwur ing antarané gunung-gunung liyané, kaya gunung Karmèl ing pinggir segara.
19
Hé anak wadon Egipte sing wis suwé manggonmu nyepakna samubarang sing kanggo mlakumu menyang ing pembuwangan. Awit Mèmfis bakal dadi sepi mamring, didadèkké ambruk sing ora dienggoni menèh.
20
Egipte kuwi pedèt sing bregas, nanging ana laler siji sing nekani sangka lor.
21
Uga suradadu bayaran ing kono, kuwi kaya pedèt-pedèt sing lemu, pada minger lan mlayu bebarengan, pada ora bisa ngadepi, awit dinané tyilaka nyerang marang wong-wong kuwi, ya kuwi waktu tibané paukumané.
22
Swarané kaya ula sing ngeses, yèn pada maju karo suradadu; pada nyerang marang dèwèké karo nggawa kampak kaya para blandong.
23
Wong kuwi pada negori alasé, - mengkono tembungé GUSTI, - senajan ora kena dileboni: awit luwih okèh tenimbang walang, tanpa itungan tyatyahé.
24
Anak wadon Egipte dadi kewirangan dipasrahké marang ing tangané bangsa sangka elor.”
25
Tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: “Aku nekakké paukuman marang retya Amon sangka Tebe, marang Parao uga negara Egipte, para déwané lan para ratuné, ya kuwi marang Parao uga para wong sing pertyaya marang dèwèké.
26
Aku bakal ngekèkké wong-wong kuwi ing tangané wong sing ngarah marang nyawané, ya kuwi ing tangané Nebukadnésar, ratu Babèl lan para pegawéné. Nanging sakwisé kuwi, negara kuwi bakal dienggoni kaya dèk jaman mbiyèn, - mengkono tembungé GUSTI—.
27
Nanging kowé, hé abdi-Ku Yakub, aja wedi, hé Israèl, aja wedi! Awit, Aku mitulungi kowé sangka panggonan sing adoh, lan turunanmu sangka negara pembuwangané. Yakub bakal bali mulih lan urip ayem lan tentrem, tanpa ana sing nggawé wedi.
28
Nanging kowé, hé abdi-Ku Yakub, aja wedi, - mengkono tembungé GUSTI—, awit Aku nuntun kowé, kabèh bangsa ing negara, panggonan enggon-Ku mbuyarké kowé, kuwi bakal Tak entèkké, nanging kowé kuwi ora bakal Tak entèkké, Aku bakal nyabeti kowé miturut angger-angger, nanging Aku babar pisan ora nganggep kowé tanpa kesalahan.”
← Chapter 45
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 47 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52