bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Jeremiah 37
Jeremiah 37
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 38 →
1
Sedèkia, anaké Yosia dadi ratu nggentèni Konyahu, anaké Yoyakim; Nebukadnésar, ratu ing Babèl wis ngangkat piyambaké dadi ratu ing negara Yéhuda.
2
Nanging piyambaké sak pegawéné uga rayaté ing negara kono pada ora nggugu marang tembungé GUSTI, sing dipréntahké lantaran Yérémia.
3
Nuju ing sakwijiné dina Sedèkia kongkonan Yukal, anaké Selemya lan imam Sépanya, anaké Maaséya menyang ngarepé Yérémia, dikongkon ngabaraké tembungé: “Kula pada sampéyan ndongakké marang GUSTI, Gusti Allah kita!”
4
Nanging ing waktu semono Yérémia ijik bisa mlebu-metu ing sak tengahé rayat; Yérémia durung dityemplungké ing paukuman.
5
Nanging suradaduné Parao wis budal sangka Egipte; bareng para wong Kasdim sing ngepung Yérusalèm krungu, terus pada ninggal kuta kuwi.
6
Terus ana tembungé GUSTI marang Yérémia, mengkéné:
7
“Mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allahé Israèl: Ngomonga marang ratu ing Yéhuda sing ngutus kowé, supaya njaluk pinuntun marang Aku: Delengen para suradadu sing wis budal sangka Egipte arep ngréwangi kowé, bakal bali menyang Egipte negarané.
8
Nanging wong Kasdim bakal bali nyerang perang nglawan kuta iki, dibedah lan diobong.
9
Mengkéné tembungé GUSTI: Kowé aja ngapusi awakmu déwé, karo ngomong: Para wong Kasdim wis lunga kabèh sak selawasé! Nanging ora pada lunga selawasé!
10
Lan yèn kowé nggempur lan bisa ngalahké sak kabèhé suradadu Kasdim, sing merangi kowé kuwi nganti mung ana turahé sing ketaton banget, ing tarup-tarupé déwé-déwé bakal pada ngadek lan ngobong kuta iki.”
11
Waktu para suradadu ing Kasdim wis ninggal kuta Yérusalèm jalaran wedi karo suradaduné Parao,
12
Yérémia terus lunga sangka Yérusalèm menyang panggonané Bényamin perlu ngurus pandumané warisan ing antarané sanak seduluré.
13
Waktu mlebu ing gapurané panggonané Bényamin, ing kono ana sakwijiné juru jaga sing diarani Yeria, anaké Selemya, anaké Hananya; kuwi terus nyekel Yérémia, karo ngomong banter: “Kowé arep mbalik ngetutké wong Kasdim!”
14
Lan senajan Yérémia nyauri: “Oh goroh kuwi, aku ora mbalik mèlu wong Kasdim!”, nanging ora digubris karo Yeria, kuwi terus nyekel Yérémia lan diadepaké marang para penggedéné.
15
Para penggedéné mau pada nesu banget marang Yérémia, njotosi Yérémia lan terus dilebokké ing omah paukuman, ing omahé juru tulis Yonatan; omah kuwi wis didadèkké pakunjaran.
16
Kaya mengkono lelakoné Yérémia sing terus dityemplungké ing sumur tandon banyu ing njeruh lemah. Lan Yérémia suwé enggoné ing kono.
17
Ing sakwijiné dina Sedèkia kongkonan wong njupuk Yérémia. Terus karo meneng-meneng ratu takon marang Yérémia: “Apa ana tembungé GUSTI?” Semauré Yérémia: “Ana! Sampéyan bakal dipasrahké ing tangané ratuné Babèl.”
18
Yérémia terus ngomong marang Sedèkia: “Apa dosa kula sing kula tindakké marang sampéyan, nanging kula nganti sampéyan lebokké ing paukuman?
19
Ing ngendi para nabi sampéyan sing wis ngomongké, yèn ratu ing Babèl ora bakal nyerang perang nglawan sampéyan lan negara iki?
20
Saiki, duh bendara kula ratu, sampéyan supaya gelem ngrungokké. Penjaluk kula supaya ketampa ing ngarepé sampéyan. Kula supaya aja sampéyan balèkké ing omahé juru tulis Yonatan; kula mesti dipatèni ing kana.”
21
Sedèkia terus mréntah, supaya Yérémia diukum ing plataran penjagan lan saben dina supaya dikèki roti sak iris sangka dalan tukang roti, nganti sak entèkké roti ing kuta kono. Mengkono dadiné Yérémia tetep ing plataran penjagan.
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 38 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52