bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Jeremiah 43
Jeremiah 43
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 44 →
1
Bareng Yérémia wis rampung enggoné ngabaraké marang rayat kabèh tembungé GUSTI, Gusti Allahé, awit sangka préntahé GUSTI, Gusti Allahé, diomongké marang para wong kuwi, ya kuwi: kabèh tembungé sing disebut ing nduwur,
2
Asarya, anaké Hosaya lan Yohanan, anaké Kareah lan kabèh wong sing pada gemunggung kuwi pada terus ngomong marang Yérémia: “Tembungé sampéyan kuwi goroh! GUSTI, Gusti Allah kita ora ngutus sampéyan supaya ngomong: Kowé aja lunga menyang negara Egipte, supaya manggon dadi wong mantya ing kana,
3
nanging Baruk, anaké Neria sing ngojok-ojoki sampéyan supaya ngomong mengkéné marang kula, karo karep bakal masrahaké kula ing tangané wong Kasdim sing terus bakal matèni kula, uga masrahaké kula dadi wong tawanan marang Babèl.”
4
Yohanan, anaké Kareah lan kabèh penggedéné suradadu lan rayat kabèh pada nulak ngrungokké pitutur-pituturé GUSTI, supaya tetepa manggon ing negara Yéhuda.
5
Yohanan, anaké Kareah lan sak kabèhé penggedéné suradadu terus nglumpukké turahané kabèh wong Yéhuda, ya kuwi kabèh wong sing wis mulih sangka antarané para bangsa, panggonané enggoné pada pating slebar, sing terus arep manggon ing negara Yéhuda,
6
para wong lanang, para wong wadon, botyah-botyah para anaké wadon ratu lan saben wong sing pada ditinggal karo Nébusaradan, penggedéné suradadu pengawal, kanggo Gedalya, anaké Ahikam, anaké Safan; mengkono uga Yérémia lan Baruk, anaké Neria.
7
Terus pada budal menyang negara Egipte, awit pada ora gelem ngrungokké marang pitutur-pituturé GUSTI. Mlakuné wis tekan ing Tapanhes.
8
Ana tembungé GUSTI marang Yérémia ing Tapanhes mengkéné:
9
“Njupuka watu sing gedé-gedé lan pendemen ing lemah lempung sak tyedaké gapura kratoné Parao ing Tapanhes, ing ngarepé para wong Yéhuda kuwi,
10
terus pada omongana: Mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: Aku ngutus wong supaya nyeluk Nebukadnésar, ratu ing Babèl abdi-Ku kuwi, supaya ngedekké damparé ing sak nduwuré watu-watu sing Tak omongké supaya dipendem kuwi lan nggelarké kamulyané ing kono.
11
Lan yèn kuwi teka, bakal nggempur negara Egipte: Sing marani pati, maranana pati! Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan! Sing marani pedang, maranana pedang!
12
Dèwèké bakal ngurupké geni ing omah para allah ing Egipte lan bakal ngobong utawa ngangkati kuwi dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing negara Egipte kaya para pangon enggoné métani sandangané, terus bakal lunga sangka kono tanpa alangan.
13
Dèwèké bakal ngrusak tugu-tuguné brahala Betsyémes ing Egipte lan bakal ngobongi omah para allahé Egipte kuwi.”
← Chapter 42
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 44 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52