bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Jeremiah 20
Jeremiah 20
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 21 →
1
Pashur anaké Imèr, imam ing waktu kuwi dadi penggedéné griyané GUSTI, krungu Yérémia nubuat mengkono.
2
Yérémia terus dityekel lan dibelok ing gapura Bényamin, ing nduwuré griyané GUSTI.
3
Nanging ésuké bareng Yérémia diluwari sangka belokané, terus ngomong marang imam Pashur mengkéné: “GUSTI bakal nyebut kowé duduk Pashur, nanging Rasa wedi sangka ngendi-endi.
4
Awit mengkéné tembungé GUSTI: Aku bakal ndadèkké kowé dadi rasa wedi kanggo kowé déwé lan kantya-kantyamu kabèh; kantya-kantyamu bakal pada mati ambruk karo pedangé mungsuh ing ngarepmu déwé. Uga Yéhuda kabèh bakal Tak pasrahké ing tangané ratu Babèl, terus pada diboyong menyang pembuwangan ing negara Babèl lan dipatèni karo pedang.
5
Uga kasugihané kuta iki, olèh-olèhé rekasané kabèh, samubarang sing ana ajiné lan banda-bandané para ratu ing Yéhuda bakal Tak pasrahké ing tangané mungsuhé, sing njukuki sembarangé, nglumpukké lan mbandang kuwi kabèh menyang Babèl.
6
Nanging kanggo kowé déwé, hé Pashur uga sak isiné omahmu, kowé bakal diangkat dadi tawanan, kowé bakal teka ing Babèl lan bakal mati ing kana lan bakal dikubur ing kana; ya kowé lan kantyamu kabèh sing pada kok wedari ramalan sing goroh.”
7
Duh GUSTI, Panjenengan sing ngerih-ngerih kula lan kula wis gelem manut; Panjenengan kuwi rosa banget kanggo kula, Panjenengan banjur nelukké kula. Kula dadi gegojèkan sedina muput, kabèh pada moyoki kula.
8
Awit saben kula omongan, kepeksa mbengok, kudu mbengok-mbengok: “Duraka! Aniaya!” Awit tembungé GUSTI dadi tyatyatan lan pemoyok kanggo kula, sedina muput.
9
Nanging yèn kula ngomong: “Aku emoh ngélingi Panjenengané lan wegah ngutyapké tembungé menèh atas Asmané!”, ing njeruhné ati kula kaya ana geni murup mulat-mulat sing dikurungi ing balung kula, kula nganti kesel enggèn kula mbetah-mbetahké, nanging ora kuwat.
10
Kula wis krungu rasanané wong okèh: “Rasa wedi teka sangka ngendi-endi! Gugaten dèwèké! Aku pada arep nggugat dèwèké!” Kantya-kantya apik kula déwé pada ngintyeng apa kula kesandung terus tiba: “Menawa dèwèké kena diglembuk, nganti bisa kita kalahké, lan kita bisa nindakké balesan marang dèwèké!”
11
Nanging GUSTI nunggal karo kula kaya pahlawan sing rosa, mulané sing ngoyak kula bakal kesandung lan tiba, lan ora bisa nindakké apa-apa. Pada bakal ngalami kisinan banget, awit pada ora olèh nggawé; kuwi bakal dadi kewirangan, sing sak lawasé ora bisa dilangkahi!
12
Duh, GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, sing njajal wong sing bener, lan weruh batin lan ati, lilanana kula weruh balesan Panjenengan marang para wong kuwi, awit perkara kuwi wis kula pasrahké marang Panjenengan.
13
Ngidunga kanggo GUSTI, masrahna pamuji marang GUSTI! Awit Panjenengané wis ngluwari nyawané wong mlarat sangka tangané wong sing nindakké ala.
14
Kenaa bebendu dina kelairanku! Bèn aja diberkahi dina waktu ibuku nglairké aku!
15
Kenaa bebendu wong sing nggawa kabar marang bapaku, mengkéné: “Sampéyan dikèki anak lanang!”, sing njalari Panjenengané seneng banget.
16
Dina kuwi dadia kaya kuta-kuta, sing wis diwalik karo GUSTI tanpa kawelasané! Supaya krungu sambat ing wayah ésuk, lan swara ramé ing wayah tengah awan!
17
Awit dina kuwi ora matèni aku, waktu aku ing bobotan, nganti ibuku dadi kuburanku lan mbobot ing selawasé!
18
Kenèng apa aku kok lair sangka bobotan, nyawang kasusahan lan kasangsaran, nganti dina-dinané uripku liwat karo kisinan?
← Chapter 19
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 43
Chapter 44
Chapter 45
Chapter 46
Chapter 47
Chapter 48
Chapter 49
Chapter 50
Chapter 51
Chapter 52
Chapter 21 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42
43
44
45
46
47
48
49
50
51
52