bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Exodus 21
Exodus 21
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 22 →
1
“Iki pernatan-pernatan sing perlu kok préntahaké marang wong-wong kuwi.
2
Yèn kowé tuku batur wong Ibrani, kuwi enggoné kerja kanggo kowé suwéné nem taun, ing taun kaping pitu lilanana metu lan dadi wong merdéka tanpa mbayar tebusan.
3
Yèn mlebuné ijèn, metuné ya ijèn; yèn nggawa bojoné, bojoné mau ya lilanana mèlu metu.
4
Yèn bendarané sing ngekèki bojo, lan bojoné mau nduwé anak lanang utawa wadon, sing wadon kabèh anak-anaké tetep duwèké bendarané, lan sing lanang metu mung dèkné déwé.
5
Nanging yèn baturé mau karo temen-temen ngomong: Kula wis trésna marang bendara kula, lan marang anak lanang kula, kula ora bakal metu dadi wong merdéka,
6
terus bendarané masrahké ing ngarepé Gusti Allah, lan digawa tyedak lawang utawa kusèné, terus kupingé dityubles nganggo untyek karo bendarané, terus tetep kerja sakjeké urip.
7
Yèn ana wong ngedol anaké wadon dadi batur, kuwi metuné, tyarané ora kaya batur lanang.
8
Yèn baturé wadon mau ora disenengi bendarané, nanging mbiyèn wis dityawiské kanggo awaké déwé, bendarané kudu nglilani baturé mau ditebus, ora kena didol marang wong mantya, awit bendarané wis mblénjani marang batur wadon kuwi.
9
Nanging yèn bendara mau nyawiské kanggo anaké lanang, ya dianggep kaya sing wis dadi anaké wadon déwé.
10
Yèn bojoné mau ngepèk wong wadon liyané, sing ndisik ora kena disuda pangané, sandangané lan enggoné nuroni.
11
Yèn bendarané ora nindakké telung perkara kuwi, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”
12
“Sapa sing mentung wong, nganti ndadèkké patiné, kuwi mesti diukum pati.
13
Nanging yèn matèni mau karo ora disengaja, awit tangané mau dikanggokké karo Gusti Allah nindakké kuwi, Aku bakal nduduhké sakwijiné panggonan sing kena kanggo ngungsi.
14
Nanging yèn ana wong sing muntap nesuné lan matèni sak pepadané karo tyara-tyara ngapusi, wong kuwi kudu dijukuk sangka mesbèh-Ku lan dipatèni.
15
Sapa sing mentung bapak utawa ibumu, kuwi mesti diukum pati.
16
Sapa sing nyolong sak pepadané, terus didol utawa ijik ketemu ana panggonané, kuwi mesti diukum pati.
17
Sapa sing nyepatani bapak utawa ibuné, kuwi mesti diukum pati.
18
Yèn ana wong pada tukaran, sing siji ngantem karo watu utawa ngantem karo tangané, nanging ora ndadèkké patiné, mung kepeksa nggluntung ing peturon,
19
yèn kelakon bisa tangi menèh lan mlaku nganggo teken ing njaba, sing mentung utawa ngantem mau utyul sangka ukuman, mung kudu mbayar ruginé sing tatu, awit kepeksa nganggur, lan ngragati enggoné nggolèk tamba nganti sak mariné.
20
Yèn ana wong sing nggebuki baturé tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti ndadèkké patiné, kuwi kudu dibales.
21
Nanging yèn baturé mau ijik bisa urip sedina utawa rong dina, kuwi ora dibaleské, awit baturé mau duwèké déwé.
22
Yèn ana wong sing ijik gelut, salah siji ana sing nubruk wong wadon sing ijik meteng, nganti kluron bayiné, nanging tyilakané mau ora ndadèkké patiné, wong sing nubruk mau didenda kaya penjaluké bojoné wong wadon mau, manut putusané rèkter.
23
Nanging yèn wong wadon sing tyilaka kuwi nganti mati, kowé kudu ngekèki nyawa gantiné nyawa,
24
mripat gantiné mripat, untuné gantiné untuné, tangan gantiné tangan, sikil gantiné sikil,
25
mlityèt gantiné mlityèt, tatu gantiné tatu, abuh gantiné abuh.
26
Yèn ana wong nyabet baturé tukon lanang utawa wadon, kena mripaté nganti rusak, kuwi nglilanana baturé mau metu dadi merdéka kanggo gantiné mripat.
27
Utawa yèn enggoné nyabet baturé tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untuné, ya lilanana metu dadi merdéka kanggo gantiné untuné.
28
Yèn ana sapi nyundang wong lanang utawa wadon, nganti ndadèkké patiné, sapi mau kudu dibenturaké watu nganti mati lan dagingé aja nganti dipangan, nanging sing nduwé sapi utyul sangka ukuman.
29
Nanging yèn sapi mau mbiyèn wis kerep nyundang lan sing nduwé ya wis diélingké, nanging ora gelem njaga, nanging sakwisé kuwi sapi mau nyundang menèh wong lanang utawa wadon, lan njalari patiné, ing kono sapiné kudu dibandemi watu, lan sing nduwé ya diukum pati.
30
Yèn mung dijaluki duwit tebusan, kuwi enggoné nebus nyawa manut sak pira sing kudu dibayar.
31
Yèn sing disundang kuwi botyah lanang utawa wadon, tyarané ngadili ya pada karo sing disebut mau.
32
Nanging yèn sapi mau nyundang baturé tukon lanang utawa wadon, sing nduwé sapi kudu mbayar telung puluh sèkel slaka marang bojoné baturé mau, lan sapiné kudu dibandemi watu nganti mati.
33
Yèn ana wong mbukak utawa ngeduk sumur, nanging ora ditutupi, terus ana sapi utawa kimar ketyemplung ing kono,
34
sing nduwé sumur kuwi kudu mbayar sing nduwé kéwan rupa duwit sak pira regané, nanging kéwan sing mati mau dadi duwèké sing wis mbayar.
35
Yèn ana wong nduwé sapi, sapiné nyundang sapiné liyané, nganti mati, sapi sing ijik urip kuwi kudu didol, payuné diparo, mengkono uga sapi sing mati mau ya didum dadi loro.
36
Nanging yèn wis pada weruh yèn sapi mau mbiyèn wis kerep nyundang, nanging sing nduwé ora njaga, kuwi kudu mbayar karo sapi sing urip, lan kéwan sing mati kuwi dadia duwèké sing mbayar kuwi.”
← Chapter 20
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 22 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40