bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Exodus 27
Exodus 27
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 28 →
1
Uga menèh kowé nggawéa mesbèh kayu akasia, dawané lima éluh lan ambané lima éluh, dadi mesbèh kuwi pesagi bener, nanging duwuré telung éluh.
2
Sunguné gawénen ing pojokané papat; kuwi gawénen dadi siji karo mesbèhé, mesbèh kuwi kudu kok lapis karo tembaga.
3
Lan kowé uga nggawéa wadah-wadah kanggo mbuwangi awuné, uga porek lan bokor kanggo nyirami, tyukit lan anglo; sakkèhé piranti kuwi kudu digawé sangka tembaga.
4
Lan menèh kowé nggawéa ayakan tembaga kaya jala, ayakan kuwi ing pojoké papat pisan wènèhana gelangan tembaga patang iji,
5
terus tumpangna ing sak ngisoré pinggiré mesbèh wiwit sangka ngisor nganti ayakan mau duwuré separoné mesbèh.
6
Uga menèh mesbèh kuwi ya gawèkna pikulan, pikulan kayu akasia sing dilapis karo tembaga.
7
Pikulané slobokna ing gelangé, dadi yèn mesbèhé diusung, pikulan kuwi pada ing bangkèkané mesbèh kiwa tengen.
8
Mesbèh kuwi digawé sangka planga ing njeruhné growong, kaya enggonmu wis diduduhké ing gunung, mengkono enggonmu pada nggarap mesbèh kuwi.
9
Kowé nggawéa platarané Tarup Sutyi; ing sisih kidul plataran kuwi anaa geberé mori lenan tenunan sing bolahé alus, dawané ing sisih 100 éluh.
10
Tyagaké kabèh kudu rong puluh, umpaké tembaga ya rong puluh, tyantèlané tyagak lan sambungané kuwi slaka.
11
Mengkono uga ing sisih lor, turut ambané ya kudu geber dawané pada 100 éluh, lan tyagaké rong puluh lan umpaké rong puluh sangka tembaga, nanging tyantèlané lan sambungané kuwi kudu slaka.
12
Ing ambané plataran sisih kulon anaa geber sèket éluh, lan tyagaké sepuluh lan umpaké sepuluh.
13
Nanging ambané plataran panggonan ngarep sing sisih wétan kudu sèket éluh,
14
ya kuwi geberé limalas éluh kanggo ing sisihé gapura sing siji karo tyagaké telu lan umpaké telu,
15
lan kanggo ing sisihé gapura sijiné geberé ya limalas éluh, tyagaké telu lan umpaké ya telu.
16
Nanging ing gapurané plataran anaa geberé sing dawané rong puluh éluh, sing digawé bakal mori wungu tuwa, lan wungu nom, abang lan mori lenan alus tenunan sing werna-werna lan tyagaké papat lan umpaké papat.
17
Sakkèhé tyagak ing sak ubengé plataran mau pada pasangen sambungané karo slaka, lan tyantèlan ya slaka, nanging umpaké tembaga.
18
Dawané plataran kudu 100 éluh, ambané sèket éluh lan duwuré limang éluh, rupa mori lenan tenunan alus, lan umpaké tembaga.
19
Nanging sakkèhé piranti kanggo ngedekké Tarup Sutyi, mengkono uga sakkèhé patoké uga patoké plataran, kuwi kudu tembaga kabèh.
20
Uga kowé mréntaha marang wong Israèl, supaya pada masrahaké lenga saitun deplokan sing tulèn kanggo dimar, supaya dimaré tansah murup.
21
Ing sak njeruhné Tarup Kumpulan ing sak njabané geber sing ngaling-alingi petiné pernatan, ing kono Harun lan anak-anaké sing nata dimar mau ing ngarepé GUSTI wiwit mbengi nganti ésuk. Kuwi pernatan sing kudu ditandangi turun-temurun kanggo wong Israèl.
← Chapter 26
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 28 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40