bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Exodus 22
Exodus 22
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 23 →
1
“Yèn ana wong nyolong sapi utawa wedus, terus dibelèh utawa didol, kuwi kudu ngijoli, sapi siji diijoli sapi lima lan wedus siji diijoli wedus lan wedus gèmbèl papat.
2
Yèn ana maling konangan ijik mbobol, terus dipentungi nganti mati, kuwi sing mentungi ora utang getih,
3
nanging yèn enggoné matèni kuwi wis mletèkké srengéngé, kuwi utang getih. Malingé kudu ngijoli sak pira regané, yèn ora nduwé, awaké didol kanggo gantiné sing dityolong.
4
Yèn sing dityolong kuwi ketemu ijik urip, dadia sapi, kimar utawa wedus, kuwi kudu dibayar tikel loro.
5
Yèn ana wong sing ngengon kéwané ing tegalé utawa ing kebon angguré, nanging kéwané kuwi diumbar waé, nganti mangani tandurané liyané nganti entèk, sing nduwé kéwan kuwi kudu ngijoli sangka pametuné tegalé utawa sangka pametuné kebon angguré.
6
Yèn ana wong obong-obong lan geniné-nylomot suketan, njalari tumpukan gandum utawa gandum sing durung dipanèn utawa tanduran sak tegalan katut kobong, sing obong-obong mau kudu ngijoli sak kabèhé.
7
Yèn ana wong nitipké duwit utawa barang marang kantyané, nanging titipané kuwi dityolong sangka omahé sing dititipi, yèn sing nyolong dityekel, kudu ngijoli tikel loro.
8
Yèn sing nyolong ora ketyekel, sing nduwé omah digawa ing ngarepé para allah perlu sumpah, yèn pantyèn ora njupuk barangé kantyané.
9
Ing sak rupané perkara tukaran bab barang duwèké kuwi bab sapi, bab kimar, bab wedus, bab sandangan, lan sembarang barang sing ilang, yèn sing siji omong: ‘Iki duwèkku!’, perkarané wong loro kuwi diajokké marang Gusti Allah. Nanging sapa sing disalahké karo Gusti Allah kudu ngijoli tikel loro marang kantyané mau.
10
Yèn ana wong nitipké kimar, sapi utawa wedus, utawa kéwan apa waé marang kantyané, nanging kéwan kuwi mati, tugel sikilé utawa dirampok, nanging ora ana seksiné,
11
ing kono putusané perkara nganggo sumpah ing ngarepé GUSTI, yèn sing dititipi kuwi tenan ora njupuk duwèké kantyané, lan sing nitipké kudu nerima, lan sing dititipi ora perlu ngijoli.
12
Nanging yèn kéwan mau pantyèn dityolong, mesti kudu ngijoli marang sing nduwé.
13
Yèn kéwané kuwi pantyèn dipangan karo kéwan galak, kuwi digawa kanggo bukti. Kéwan sing dipangan kuwi ora usah dibayar.
14
Yèn ana wong nyilih kéwané kantyané, nanging kéwané kuwi tugel sikilé utawa mati, waktu sing nduwé ora ing kono, sing nyilih kudu ngijoli sak regané.
15
Nanging yèn sing nduwé ing kono, sing nyilih ora usah ngijoli. Yèn kéwan kuwi diséwa, ruginé kuwi mlebu ing séwan mau.
16
Yèn ana wong ngrunjak prawan sing durung patyangan, lan terus dituroni, botyah wadon kuwi kudu diepèk bojo lan mbayar maskawiné.
17
Yèn bapaké botyah wadon mau babar pisan ora nglilani anaké diepèk, ya meksa kudu mbayar slaka sak mestiné, kanggo nuku prawan.”
18
“Tukang sulap wadon aja kok jarké urip.
19
Sapa sing laku bédang karo kéwan, kudu diukum pati.
20
Sapa sing masrahké kurban marang para allah lan ora marang GUSTI, kudu dientèkké.”
21
“Kowé aja nyia-nyia utawa nindes wong mantya, awit kowé déwé ya wis ngalami dadi wong mantya ing negara Egipte.
22
Kowé aja nglarani randa utawa botyah lola.
23
Yèn nyata kowé nglarani, nanging wongé karo swara banter sambat marang Aku, mesti bakal Tak rungokké sambaté,
24
terus bakal muntap nesu-Ku, lan kowé bakal pada Tak patèni karo pedang, nganti bojomu pada dadi randa lan anak-anakmu pada lola.
25
Yèn kowé ngutangi marang wong tunggal, umat-Ku sing mlarat ing tengah-tengahmu, aja kaya sak lumrahé wong nagih, aja kok jaluki anakan.
26
Yèn kowé nganti njupuk jubahé sak pepadamu kanggo tanggungan gadèn, kuwi kowé kudu mbalèkké sak durungé srengéngé mingslep,
27
awit mung kuwi kemulé, ya mung kuwi sandangané; sing kanggo turu apa? Mila kuwi yèn sambat marang Aku, mesti Tak rungokké, awit Aku iki welas asih.”
28
“Kowé aja ngèlèk-èlèk marang Gusti Allah lan aja nyepatani penggedéné bangsamu.
29
Kowé aja lali ngurbanké pisungsung sangka pametuné gandum lan unduh-unduhé anggurmu. Anakmu lanang sing mbarep kuwi pasrahna marang Aku.
30
Mengkono uga kanggo sapi lan wedusmu, anak-anaké pada tyampurna karo baboné pitung dina, ing wolung dinané pasrahna marang Aku.
31
Kowé pada dadia wong sutyi duwèk-Ku: kowé aja pada mangan dagingé kéwan sing disempal-sempal kéwan galak ing ara-ara, kuwi pakakna asu.”
← Chapter 21
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 23 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40