bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
/
Exodus 37
Exodus 37
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 38 →
1
Bésaleèl terus nggawé peti kuwi, sing digawé kayu akasia, dawané loro setengah éluh, ambané siji setengah éluh, lan duwuré ya siji setengah éluh,
2
terus dilapisi karo emas murni ing njeruh lan ing njabané, lan dipasangi lés emas mubeng.
3
Uga ya digawèkké gelangan emas tyitakan patang iji pada dipasang ing pojoké ngisor papat pisan, ya kuwi gelangan loro ana pinggiran sing siji, gelangan loro menèh ana pinggiran sijiné.
4
Lan menèh gawé pikulan kayu akasia pada dilapis karo emas,
5
pikulan kuwi dislobokaké ing gelangan ing pinggirané peti, digawé ngusung.
6
Terus ya gawé tutupé pangrukunan sing digawé emas murni, dawané loro setengah éluh lan ambané siji setengah éluh,
7
lan ya nggawé kerup emas loro sing digawé emas gemblèngan, didèkèkké ing pungkasané tutupé pangrukunan kuwi.
8
Sing siji ing sisih kiwa, sijiné ing sisih tengené. Gambaran loro mau digawé dadi siji karo tutupé.
9
Kerup-kerup kuwi pada megar swiwiné nganti menduwur nutupi tutupé pangrukunan, lan praupané adep-adepan lan kerup-kerup mau madep marang tutupé pangrukunan.
10
Bésaleèl mau ya nggawé méja kayu akasia, dawané rong éluh, ambané sak éluh, duwuré siji setengah éluh,
11
dilapisi karo emas murni lan dipasang lés emas mubeng.
12
Uga diwènèhi pinggiran mubeng temu gelang ambané sak èpèk-èpèk tangan lan pinggiran mau ya dipasang lés emas mubeng.
13
Lan digawèkké gelangan emas tyitakan patang iji, gelangan kuwi pada dipasang ing saben pojok, sisih ing sikilé papat pisan.
14
Gelangé pada mèpèt ing pinggiran, gelangan kuwi kanggo slobokané pikulan sing digawé ngusung méja mau.
15
Pikulané kuwi kayu akasia sing dilapis karo emas, digawé ngusung méja kuwi.
16
Lan ya gawé piranti sing temumpang ing méja kuwi, ya kuwi mangkok lan piring, tuwung lan kendi, sing digawé ngesokké kurban siraman, kabèh sing digawé emas murni.
17
Uga menèh ya nggawé kandelar emas murni, kandelar kuwi sing digawé emas gemblèngan, ya sikilané, ya adek-adeké lan gagangé, sumbu lan kembangé, kabèh pada digawé pada.
18
Ana pangé nem metu sangka bangkèkané, pangé kandelar mau telu sangka sisih kénéné, lan telu sangka sisih kanané bangkèkané.
19
Siji-sijiné pangé ana modèl kembang mandra telung iji karo modèl adahé sumbu lan kembangané; dadi pangé nem sing metu sangka kandelar kuwi ya pada kaya mengkono kabèh.
20
Lan adek-adeké kandelar kuwi déwé ya ana kaya kembang mandrah patang iji karo pentil lan kembang.
21
Ana pentil siji sisih ing sak ngisoré pangé sak jodo sing kaping pisan sing metu sangka dimar kuwi, ana siji ing sak ngisoré pangé sak jodo sing kaping pindo, ana siji ing sak ngisoré pangé sak jodo sing kaping telu; kaya mengkono penggawéné pangé nem sing metu sangka adek-adeké dimar.
22
Pentil-pentil lan kabèh pang mau pada digawé dadi siji karo dimaré, kabèh digawé sangka emas murni gemblèngan.
23
Dimaré kuwi digawèkké dimar pitung iji jepitan lan tadahané langes, ya digawé karo emas murni.
24
Mas murni sak talénta sing dienggo gawé dimar kuwi uga kabèh pirantiné.
25
Bésaleèl ya nggawé mesbèh pedupan, kayu akasia sing digawé, dawané sak éluh, ambané ya sak éluh, dadi pesagi, nanging duwuré rong éluh, sungu-sunguné dadi siji karo mesbèhé.
26
Kuwi dilapisi karo emas murni, ya panggonan ing nduwur, ya bangkèkané mubeng lan sungu-sunguné; kabèh dipasang lés emas mubeng.
27
Uga ya dipasangi gelangan emas loro sisih sak ngisoré lés ing pinggiran kiwa tengen ing sisih loro-loroné, kanggo slobokané pikulané sing digawé ngusung mesbèh kuwi.
28
Pikulané kuwi sing digawé kayu akasia lan dilapis karo emas.
29
Uga menèh ya nggawé lenga jebatan sing sutyi, lan dupa murni, sing digawé bumbu-bumbu sing wangi, kaya gawéané tukang nyampur bumbu-bumbu.
← Chapter 36
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 38 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40