bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 10
Job 10
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 11 →
1
“Nyawaku wus bosen urip, aku arep ngumbar pasambatku, aku arep ngucap sajroning prihatine nyawaku kang pait.
2
Aku arep munjuk marang Gusti Allah: Paduka mugi sampun ngantos nglepataken dhateng kawula; kawula mugi Paduka sumerepaken, punapa sababipun dene Paduka nglawan dhateng kawula.
3
Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika, manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?
4
Punapa Paduka kagungan paningal wadhag? Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?
5
Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa, petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,
6
dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula, saha nlusur dosa kawula,
7
mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka, saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?
8
Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula, nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?
9
Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih Paduka ingkang karya kawula saking lempung, kok badhe Paduka dadosaken lebu malih!
10
Punapa sanes Paduka ingkang ngecuraken kawula kados susu, kok lajeng badhe Paduka jendhelaken dados keju?
11
Paduka praboti kulit kaliyan daging, Paduka enami balung tuwin otot.
12
Paduka paringi gesang saha sih-rahmat; nyawa kawula Paduka jagi lumantar pangreksa Paduka.
13
Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih; kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.
14
Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani, saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.
15
Manawi kawula duraka, bilai kawula; manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak, amargi anggen kawula tuwuk kawirangan, sarta nyumerepi kasangsaran kawula.
16
Manawi kawula ndengengek, Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singa sarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.
17
Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula, -- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula -- Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.
18
Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba? Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,
19
kados-kados kawula boten nate wonten, saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.
20
Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik? Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,
21
saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malih dhateng nagari ingkang peteng lelimengan,
22
dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet, panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh, ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”
← Chapter 9
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 11 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42