bible
ra
🌐 Language
English
Español
Français
Deutsch
Português
Italiano
Nederlands
Русский
中文
日本語
한국어
العربية
Türkçe
Tiếng Việt
ไทย
Indonesia
All Languages
Home
/
Javanese
/
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
/
Job 32
Job 32
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
← Chapter 31
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 33 →
1
Ing kono wong telu mau banjur nguwisi anggone mangsuli marang Ayub, marga Ayub ngarani bener awake dhewe;
2
temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.
3
Mitrane telu-telune uga dinepsoni, awit sanadyan wis ora bisa madoni, ewadene netepake kaluputane Ayub.
4
Nanging Elihu nyrantekake anggone arep rembugan karo Ayub; mulane mangkono awit mitra telu mau luwih tuwa tinimbang dheweke.
5
Nanging bareng weruh yen tutuke wong telu iku wis ora mangsuli maneh, banjur thukul nepsune.
6
Mangkene calathune Elihu bin Barakheel, wong Bus mau: “Aku isih enom, dene kowe wus padha uwanen, mulane aku pakewuh lan wedi nglairake panemuku marang kowe.
7
Pangrasaku mangkene: Wong kang wus padha tuwa iku becike padha aweh pitutur, lan kang wus akeh cacahe taune iku padha ngandharake bab kawicaksanan.
8
Nanging roh kang ana ing manungsa lan napase Kang Mahakwasa, iku kang paring pangreten.
9
Dudu wong kang wus akeh umure kang kadunungan kawicaksanan, dudu wong kang wus tuwa kang ngreti marang kaadilan.
10
Mulane rembugku: Rungokna gunemku, aku uga arep nglairake panemuku.
11
Sumurupa, aku wus nganti-anti marang calathumu, aku wus nggatekake pamikirmu, nganti kowe padha bisa nemu tembung-tembung kang trep.
12
Kalawan titi anggonku ngrungokake calathumu, nanging sanyatane ora ana kang nelakake lupute Ayub, kowe kabeh ora ana kang nglawan katrangan-katrangane.
13
Saikine kowe aja padha kandha mangkene: Aku wus padha nemu kawicaksanan; mung Gusti Allah kang kwaos ngalahake Ayub dudu manungsa.
14
Tembunge ora tumuju marang aku, lan aku ora bakal mangsuli kalawan migunakake bantahanmu.
15
Wong mau padha legeg-legeg ora bisa aweh wangsulan maneh, ora bisa ngucap satembung-tembunga.
16
Apa aku isih kudu nganti-anti, marga wong-wong iku wus ora duwe pangucap, marga wus mandheg ora bisa mangsuli maneh?
17
Aku uga are aweh wangsulan ing giliranku, aku iya arep nglairake panemuku.
18
Awit aku kebak tetembungan, semangat kang ana ing aku ndhesek marang aku.
19
Satemene batinku iku kaya anggur kang ora ana dalane hawa, kayadene impes anyar kang arep bedhah.
20
Aku kudu calathu supaya lega, aku kudu mbukak lambeku lan aweh wangsulan.
21
Aku ora bakal ilon-ilonen lan ora bakal ngalembana sapa-sapa,
22
amarga aku ora ngreti bab ngalembana; manawa tumindak mangkono, kang nitahake nyawaku mesthi enggal-enggal njabut nyawaku.”
← Chapter 31
Jump to:
Chapter 1
Chapter 2
Chapter 3
Chapter 4
Chapter 5
Chapter 6
Chapter 7
Chapter 8
Chapter 9
Chapter 10
Chapter 11
Chapter 12
Chapter 13
Chapter 14
Chapter 15
Chapter 16
Chapter 17
Chapter 18
Chapter 19
Chapter 20
Chapter 21
Chapter 22
Chapter 23
Chapter 24
Chapter 25
Chapter 26
Chapter 27
Chapter 28
Chapter 29
Chapter 30
Chapter 31
Chapter 32
Chapter 33
Chapter 34
Chapter 35
Chapter 36
Chapter 37
Chapter 38
Chapter 39
Chapter 40
Chapter 41
Chapter 42
Chapter 33 →
All chapters:
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
21
22
23
24
25
26
27
28
29
30
31
32
33
34
35
36
37
38
39
40
41
42